Wayang Kulit.
Lakon : Semar Boyong (Babare
Wahyu ALUMNI 87).
Gagrak : Bukan
Yogyakarta, Bukan Surakarta, Bukan Banyumasan, Bukan Jawa Timuran – Tapi Sak
Senenge Dewe
Dalang : Ki Arep Gelemrono.
Swuh rep doto pitono. Hanenggih meniko ngkang dipun wastani negari Ngastino. Negari ingkang toto tentrem karto raharjo, subur kang sarwo tinandur murah kang sarwo tinuku. Negari ingkang panjang punjung, jembar jajahanipun, lebet pacopatanipun, adoh kuncaranipun, kasonggo pratiwi kaapit samodro lan gunung-gunung.
Lhah meniko sang noto
prabu Duryudono lenggah wonten dampar kencananipun ingkang sampun sarimbit
kaliyan Patih Sengkuni, Begawan Durno, Adipati Ngawonggo ugi mboten kasupen
poro satriyo Ngastino Dursosono, Durmogati, Citraksi, lan lintunipun ingkang sampun sami sebo samapto
ing damel wonten parepatan agung.
Saklintunipun meniko, wonten ugi noto Dwarawati prabu Kresno, noto Manduro
prabu Bolodewo, inggih sampun makempal wonten ing siti hinggil Ngastino, sak
perlu netepi uleman saking noto Ngastino prabu Duryudono.
*Teko
mengkono meniko Prabu Duryudono lamunto dereng kawijiling lesan*.
Ooooong.............
Duryudono :
“Sami pinaringan rahayu praptanipun panjenengan kakang Prabu Dworowati tuwin
kakang Prabu Manduro wonten Ngastino mriki...?
Kresno :
“Kasinggihan yayi, pikantuk dungo yayi Duryudono, rawuh kulo wonten Ngestino
mriki niskolo....Pangabekti kulo kunjuk dateng yayi Duryudono....”.
Duryudono :
“ngGeh kakang prabu....pangabekti kulo
tampi, kulo undi ing mustoko mugi dados jimat paripeh...”.
Bolodewo :
“Iyo yayi, tekaku ing kene ora ono alangan opo-opo...Bektiku tampanono yayi...”.
Duryudono :
“ngGeh...sampun kulo tampi, pangabekti kulo tampi, kulo undi ing mustoko mugi dados jimat paripeh...”.
Lajeng Durno, Sengkuni, lan poro satriyo Ngestino ugi ngaturaken pembage kaliyan prabu Kresno lan Bolodewo.
Duryudono :
“Kakang Prabu Dworowati ugi Kakang Prabu Manduro, wonten ing pasewakan agung meniko kulo bade nyuwun sanjoto pitulungan dumateng panjenengan sami, mugi kakang Semar purun kaboyong wonten negari Ngastino mriki...”.
Durno :
“Inggih sinuwun..., Ngastino perlu pusoko urip inggih meniko kakang Semar...”.
Sengkni :
“Kadingaren wakne ngGondel Durno kok ora nganggo lole..lole...”.
Durno :
“Saiki lole-lole ora tak nggo sik....wong-wong yo wis podo eruh nek lole-lole kuwi wekku..., lole-lole wis tak daftarke neng HKI....nek nganggo lole-lole kudu nguwehi aku royalti.... Adi Cuni ra sah crigis....”.
Dursosono :
“Hahahaha.....wong 2 kuwi ketoke sak omah ning ora rukun....”.
Durmogati :
“HKI itu apa kang Dul.... Trus siapa yang tidak lukun kang..., Man Cengkuni dan mbah Dulno yo kang... Memang dali dulu kalo keduanya ndak lukun kang”.
Dursosono :
“HKI kuwi singkatan Hak Kekayaan Intelektual. Lha iyo to le....nek rukun malah kiamat koyoke.....hahahahahahaha”.
Citraksi :
“Wi...wi..wi..wis ben a..a..a ae to
ka..ka..ka..kang. Te..te...rah wo..wo...wong 2 ku..ku..kuwi ko..ko..koyo
ba..ba..banyu ka..ka..ka karo le..le...le...lengo...”.
*Kagyat risang kapirangu. Rinangkul kinempit-kempit*. Ooooooooong.
Dhog..dhog..dhog...dhog. ..dhog..dhog...dhog.
Kresno :
“Yayi Duryudono.....,
cobi panjenengan ngilo dateng pribadi ndiko piyambak, menopo panjengan sampun
netepi jejeg’ing adil. Kados pundi suarane poro nayoko ugi poro pangembating
projo.... sami sambat awit tindak tanduk paduko ingkang adigang adigung
adiguno. Saklintune meniko, manah panjenengan mboten wening, mboten resik,
pikiran panjenengan mboten jejeg, gampil kablithuk kaliyan ilat manisipun paman
Sengkuni meniko. Rino wengi mboten woten saklintune kejawi namung mikir kados
pundi amrih sirnone poro Pandowo. Duh yayi Duryudono...., Paduko kedah emut,
Ngastino meniko kagunganipun sinten. Paman Pandu sakderengipun sedo titip negari
Ngestino meniko, mbenjang menawi poro Pandowo sampun sami dewoso, Ngestino
meniko kapurih dipun antukaken dateng poro Pandowo, nanging buktine menopo
sakmino?? Negari Ngastino taksih paduko kangkangi. Yayi Duryudono taksih
ongkang-ongkang wonten dampar kencono Ngastino. Padahal kedahipun Ngastino
wekdal meniko sampun wangsul dateng ibu Kunthi tuwin poro Pandowo....”.
Bolodewo :
“Hahahahaa....Interupsi....,
mulai kapan Kresno ngango bahasa “padahal”. Kamongko padahal kuwi ukoro sing neng
negoro monco kono...”.
Kresno :
“Kakang prabu Manduro
mboten usah cawe-cawe babagan meniko, ndamel ‘padahal’ menopo mboten niku nggih
sak kerso kulo....wong niki gagrak ‘waton muni’....”.
Bolodewo :
“Wooo iyo ding....aku
kok lali, kamongko neng nduwur kae ono tulisan gagrak “waton muni”, sori..sori
nek ngono yayi...”.
Kresno :
“Kulo lajengaken.
Yayi Duryudono......panjenengan nglenggahi Ngestino mboten wonten
labuh-labetipun sak cuil-cuilo, yayi Duryudono namung prasasat thenguk-thenguk
nemu gethuk, babar blas mboten wonten pangorbananipun yayi Duryudono tumrap
negari Ngestino mriki, saklintunipun meniko....minggah dados noto Ngastino
namung modal Nepotisme saking romo paduko paman Destoroto..., ugi Yayi
Duryudono kedah emut, sinten kakang Semar meniko, katingale namung kawulo alit,
gesange namung kesampar-sandung, nanging kakang Semar meniko Bethoro Ismoyo
ingkang ngejowantah, kakang Semar lilo gesange sak wontenipun, mboten gadah
pepinginan ingkang muluk-muluk, nanging..., nanging kakang Semar gadah manah,
gadang tanggel jawab murih amrih kados pundi Ngarcopopodo meniko saget tentrem.
Kados pundi amrih saget memayu hayuning keluargo, memayu hayuning pribadi lan
memayu hayuning bawono... Menopo yayi Duryudono sampun nindakaken ingkang
sampun kulo aturaken kolowau....? Duh yayi....mbok inggih sampun mboyong kakang
Semar.... Yayi Duryudono bade mboyong kakang Semar prasasat kecebol nggayuh
lintang....”.
Dhog.....dhog...dhog...dhog....dhog....
*Bumi gonjang-ganjing
langit kelap-kelap katon, lir kincange sang maweh gandrung, sabarang kadulu
wukir moyhag-mayhig*.....ooooooong.
Dhog.....dhog...dhog...dhog....dhog....
*Kados den
remuk-remuk’o manahipun prabu Duryudono,
raupan mbrabak abang, kuping kroso panas mirengke ature noto Dworowati. Dodo
seseg, ambegkan ampeg, prasasat ora biso ngucap. Prabu Duryudono mboten pamit,
jengkar saking pasewakan agung ninggalaken prabu Kresno lan prabu Manduro
Bolodewo*.
Dhog.....dhog...dhog...dhog....dhog...
dhog.....dhog...dhog...dhog....dhog....
Sengkuni :
“Nyuwun pangapunten,
sampeyan meniko tamu...nanging sampun kumo wani ngonek-onekne ratu. Lhaah
meniko akibate...sampeyan mboten diajeni kaleh Sinuwun Prabu Duryudono....”.
Bolodewo :
“Iki wisone
Ngestino....Iki racune ndunyo...angger ndunyo kuwi eneng Sengkuni ora bakal
tentrem...”.
Kresno :
“Sumonggo kakang
Manduro...kito wangsul dateng Dworowati....”.
Bolodewo :
“Ayo yayi...kakang
derekake..”.
Kresno lan Bolodewo muleh menyang negarane. Ing pasewakan agung Patih Sengkuni
mrintahake Adipati Karno supoyo menyang Karangkadempel, mboyong Ki Lurah Semar.
Sengkuni :
“Anak-anakku poro
Kurowo...tak kongkon kowe kabeh ngantheni nak prabu Ngawonggo menyang
Karangkadempel, saperlu mboyong kakang Semar, menowo kakang Semar ora gelem,
kapekso kowe-kowe ngrudo pekso kakang Semar digowo neng Ngestino....ojo lali tumbak-panah
digowo, gaman gabluk diungkal, bedil podo diisi mimis...”.
Dursosono :
“Perkoro budal kuwi
gampang.....sing perlu niku SPJ ne Man...SPJ sampeyan tanda-tangani trus sampeyan
kirim nota dinas teng bendahara ingkang rinciane pengeluaran kas kados niki : transporte
darat menopo udara, uang makan, transport lokal, biaya penginapan...hotel
bintang lima nopo muk losmen, biaya tak terduga, biaya oleh-oleh anak istri
dirumah, mboten kesupen uang saku...Man...”.
Durmogati :
“Naah...itu saya
sangat setuju, kalena lesiko tugas dali Man Cengkuni ini agak belat...kalo ke
Kalangkadempel itu melewati hutan belantala, banyak binatang buas belum lagi
kalo sakit dipeljalanan, biaya lumah sakit mahal. Juga belum ketahuan di Lumah Cakit
itu menelima BPJS kecehatan apa tidak...itu yang pellu dipikilkan oleh Man
Cengkuni...”.
Citraksi :
“Be..be..betul
...i...i...tu...se..se..sebabnya...”.
Dursosono :
“Wis...wis...wis...
Citraksi ora usah melu urun rembug...omonganmu kesuwen...bature wis teko enggon
kowe sik neng ngarep gapuro Ngestino...dadi pendengar yang baik saja...pokok sego
mateng keplok-keplok, kancane mangan melu mangan, kancane udut melu udut...wis
to...penak-penak...”.
Sengkuni :
“Aku ki bingung
nuruti kekarepane bocah-bocah iki...ora tak turuti ra podo budal...tak turuti
kok jalukane neko-neko...., iyho tak turuti penjalukmu kabeh...nanging nganti
lirwo ing gawe, ora kasil mboyong kakang Semar, kowe kabeh tak ukum, ukuman
sing abot tak pecat sing entheng tak kon ngresiki WC....”.
Dursosono :
“Aku pokoke iyess....
nompo ampop siap segala resiko...kasil ora kasil kuwi gumantung marang Gusti,
manungso sakdermo nglakoni...”.
Durmogati :
“Saya sependapat
dengan kakang Dursosono.....”.
Durno :
“Loleeeee-lole...sumo
lole....pupus jati abang warnane...sing merak ati sopo sing
nduwe...hawelloh...hawelloh.... Wis...ojo podo saur manuk, mengko malah ra
ndang budal-budal...Ayo aku yo tak melu neng Karangkadempel saperlu melu urun
rembug supoyo kakang Semar gelem diboyong....”.
*Hanjrahing kang
puspito arum, kasliring samirono mring*. *Sekar gadung, gandhanyoooo*... Oooooooooong.
Dhog..dhog..dhog...dhog. ..dhog..dhog...dhog.
Lah memiko ingkang
kawastanan Karangkadempel. Laladan ingkang adem ayem, gemah ripah loh jinawi,
subur kang sarwo tinandur murah kang sarewo tinuku. Sinten to ingkang nglenggahi
Karangkadempel mboten sanes ki Lurah Bodronoyo. Ki Lurah Semar lenggah wonten
amben emper jinagongan kaleh Gareng,
Petruk lan Bagong. Ing mengkono ingkang dereng kawioseng lisan.
Semar :
“Laaee....Laaaee.....Mbegegeg
ugeg-ugeg sak dhulito hmel..mhel...., Thole Gareng, Petruk lan kowe
Bagong...Bapakmu iki pingin ngertakne piye kahanane Ngamarto saiki thole...Bapak
wis suwe ora sowan menyang Ngamarto piye kabare poro bendoromu thole...”.
Gareng :
“Iki sopo sing njawab
pitakone romo Semar... aku,Petruk opo Bagong...?”.
Bagong :
“Aku luwe...dadi nek luwe ki arep ngopo-ngopo wegah....”.
Patruk :
“Dapure Bagong ki
yhoo ngono kuwi.....dikongkon nek eneng duite budal, nek ora eneng ethok-ethok
wetenge senep.... wis sing njawab aku wae...”.
Gareng :
“Yo wis kowe wae
Truk....kowe bocah sing lantip pikirmu...kono jawaben pitakone romo Semar...”.
Petruk :
“Sesambungan karo
pitakone romo Semar, kahanan Ngamarto saiki wis maju Mo...kawulo alit podo
rukun ora podo cecongkrahan, dalan-dalan wis alus ora koyo biyen... Bantuan
dana desa sak milyar soko Ngamarto yo wis digunakake kangge mbangun
infrastruktur desa, saiki yo wis ono gapurone dalan sing mlebu neng Ngamarto, opo
maneh arep nyedaki dino ambal warso kamardikan...dalan-dalan wis akeh gendero
werno gulo-klopo, pokok Ngamarto saiki wis rejo...”.
Semar :
“Eeeee...koyo
mengkono thole kahanane Ngamarto, syukur bage sewu.... romo melu seneng menowo
kahanane mau sing koyo mbok omongke kuwi....”.
Gareng :
“Terus ngene
Mo....jarene Prabu Puntodewo arep mboyong ramane Semar...perlune yokuwi sak
wetoro ramane Semar arep diboyong neng Ngamarto....mboh engko sopo sing
dikongkon menyang Karangkadempel....ketoke salah siji putrone poro Pandowo
Mo....”.
Semar :
“Aku iki nolak yo
ora, gelem yo ora janji....mboh engko lakone piye....”.
Naliko Semar
jejangongan karo anak-anake, ora sawetoro suwe poro Kurowo tumekan
Karangkadempel. Dhog...dhog....dhog....dhog....dhog.....dhog....dhog.....
Semar :
“Eeehh kulo
waspadaake meniko wonten tamu saking Ngestino....Begawan Durno, Adipati
Ngawonggo, Raden Dursosono, Raden Citraksi lan Raden Durmogati...pangabekti
kulo kunjuk dateng sampeyan sedoyo.....”.
Karno :
“Iyho kakang
Semar...tibo sepodo-podo....”.
Semar :
“Wonten damel ingkang
pundi panjenengan sami rawuh dugi Karangkadempel mriki...?”.
Karno :
“Tekaku menyang
Karangkadempel ora ono liyo ngembani dawuhe kakang Prabu Duryudono minto kakang
Semar gelemo diboyong neng Ngestino....”.
Durno :
Iyho kakang
Semar....koyo mengkono kuwi aku lan poro Kurowo antuk dawuhe Prabu
Duryudono...”.
Nembe sami
rerembagan...dumadak satrio saking Pringgondani Raden Gatotkoco rawuh dateng
Karangkadempel. Dhog...dhog...dhog....dhog....dhog....dhog...dhog.....
Semar :
“Eeehhh...meniko
bendoro kulo saking Pringgondani....wilujeng gus....”.
Gatotkoco :
“Antuk dungo berkah Wo
Semar, tekaku ora ono alangan siji opo...”.
Semar :
“Sak sampune asat
kringet ndiko...wonten damel menopo rawuh sampeyan dateng Karangkadempel mriki...gus...”.
Gatotkoco :
“Wo Semar....aku
dikongkon paman Puntodewo supoyo kakang Semar gelem diboyong menyang
Ngamarto....”.
Semar :
“Eh eh eh eh
eh....gek lelakon opo iki....Sing kono pingin mboyong aku, sing kono maneh yo
pingin mboyong aku...njur kepiye iki....”.
Durno :
“Loleee...lole sumo lole....Sing teko disik aku lo kakang
Semar...yo kudune melu Kurowo....”.
Gatotkoco :
“Mboten saget....poro
pepunden Pendowo sampun sami sayuk rerembagam menawi kakang Semar meniko
labuh-labete dateng Ngamarto ageng sangat...naliko lampahan Wahyu Makuthoromo,
Paman Arjuno ingkang pikantuk wahyu ingkang ngetutaken kakang Semar...lan
lampahan-lampahan lintunipun asring kakang Semar nderekaken poro satrio
Ngamarto....”.
Dursosono :
“Mbok ngalaho ae to
Thut...tekamu rak keri disik aku....nek ra ngalah arep perang karo Kurowo po
piye...?”.
Gathotkoco :
“Sumonggo paman
Dursosono menawi bade njajal kekiyatane Gathotkoco....”.
Dursosono :
“Ora..ora
Thut....edan po piye perang mungsung ponakane dewe....ah sing ora-ora ae...”.
Yahni yahning talogo
kadi langit....oooooooong... Dhog...dhog...dhog....dhog....dhog....dhog...dhog....
Semar :
“Duh dewo....gek
lelakon opo iki....”.
Ki Lurah Bodroyono
sedakep ngeningke cipto menepke poncodriyo...nyuwun dumateng Gusti murbehing
dumadi mugi kasembadan ingkang dipun sejo.........Oooong.....
Semar :
“Kados pundi bingunge
ati kulo...kados pundi ruwete pikiran kulo, kados pundi mosak-masike poncodriyo
kulo...panjenengan sami bade mboyong kulo...lha kulo meniko namung setunggal...
inggih...inggih...nanging dipun koyo ngopo kulo tetep nglampahi. Nanging ngeten
nggih den... Pendowo utawi Kurowo saget mboyong Semar nanging kedah ndamel
srono...”.
Gatotokoco :
“Sranane opo kakang
Semar....?”.
Durno :
“Iyho....Sranane opo
kakang Semar....”.
Semar :
“Sranane inggih
meniko... Sok sinten to kemawon ingkang saget mbabaraken Wahyu ALUMNI 87 inggih
meniko ingkang saget mboyong Semar...”.
*Kagyat risang kapirangu. Rinangkul kinempit-kempit*. Ooooooooong.
Dhog..dhog..dhog...dhog. ..dhog..dhog...dhog.
Durno :
“Lolee...lole sumo
lole....mangan jadah disambi fitnes.....awak lungkrah pikiran
ngenes....haweloh...haweloh... Kakang Semar, sak ngertiku ALUMNI 87 kuwi udu
wahyu, nanging jeneng grup sing neng monconegoro kono....”.
Semar :
“Begawan Durno menowo
sampeyan lantip pikirmu, ora mung jeneng grup, nanging kuwi saktemene
wahyu...ngono...”.
Durno :
“Aku ora eruh kakang
Semar, wis aku lilo ora biso mboyong kakang Semar neng Ngestino...”.
Sengkuni :
“Ayo Dur muleh neng
Ngestino...wakne ngGondel ra biso njawab opo sing dikandakake kakang
Semar.....”.
Dursosono :
“Hahahahahaha........kawit
biyen mulo, jeneng Kurowo kuwi ra tau kasil. Ngedepi poncoboyo mesthi
kalahe.... Nggayuh wahyu kerep mleset......rabi kerep ditolak....pintere Kurowo
ki muk siji thok.. mbanting kertu. Angger remi, 41, domino, ceki, udu nomer togel
malah kerep menang....hahahhaa....ayo man muleh mawon Man....”.
Yahni yahning talogo
kadi langit....oooooooong...
Dhog...dhog...dhog....dhog....dhog....dhog...dhog....
Gatotkoco :
“Wo Semar...aku iki
putro panenggak Pandowo Romo Werkudoro....sak mesthine yen saithik akeh aku
weruh Wahyu ALUMNI 87 mergo wis nate dicritani karo Paman Puntodewo....”.
Semar :
“nJajal
gus....sampeyan babaraken wahyu ALUMNI 87 niku....?”.
*Hanjrahing kang
puspito arum, kasliring samirono mring*. *Sekar gadung, gandhanyoooo*... Oooooooooong.
Dhog..dhog..dhog...dhog. ..dhog..dhog...dhog.
Gatutkoco :
“ALUMNI 87 yokuwi :
Huruf A kang tegese Aku, huruf L kang tegese Lilo, huruf U tegese Urip, huruf M
kang tegese Manembah, huruf N kang tegese Ngabekti, I tegese Illahi. Kang mengku
karep poro ALUMNI diri pribadine ikhlas
menowo urip iki amung manembah ngabekti marang Gusti. Wama kholaktul jinna wa
ingsa illa liya’buduun...Menowo 87 kuwi tegese Poro Pandowo wis sampurno
anggone nyecep ilmu neng pasinaone....ugo 87 nduweni karep, poro Pandowo
tinanggenah menowo diri pribadine dewe gelem andum kamulyan marang sepadane
urip, opo maneh tumrap sedulure sing sak tunggal pasinaon....kurang luweh ngono
kuwi Wo Semar Wahyu ALUMNI 87 kuwi....”.
Semar :
“Mbegegeg ugeg-ugeg
sak dhulito hmel..mhel.... Laaee....Laaaee....., Pancen lantip putro-putro Pandowo
kuwi.....heeeeeeeh inggih Gus...mirengaken talikromo ingkang sampeyan ungelaken
meniko, kulo Semar purun angon poro satrio ing Ngamarto.....”.
Dhog..dhog..dhog...dhog.
..dhog..dhog...dhog.
Tancep Kayon.
Mekaten lampahan
Semar Boyong (Babare Wahyu ALUMNI 87) wonten lepat atur, kulo nyuwun
pangapunten....Hayu hayu rahayu niskolo......
Wassalamu’alaikum
wr.wb
J I N D I L
Tidak ada komentar:
Posting Komentar