Nadloman/Syi'iran
Elingo
Yaa Robbi Sholli 'Ala Muhammad
Yaa Robbi Sholli 'Alaiwasallim.
Yaa Robbi Sholli 'Ala Muhammad
Yaa Robbi Sholli 'Alaiwasallim.
Monggo-monggo sederek kulo.
Jaler estri anem tuwo
Saben wektu podo elingo
Yen bakalae katimbalan
Timbalane kang Moho Kuoso
Dalem urip bakale lungo
Yen lungo ora bakal muleh
Disalini sandangan putih
Tumpakane kereto Jowo
Rodane roda manungso
Jujugane omah guo
Tanpo bantal tanpo kloso
Omahe ora ono lawange
Turu ijen ora ono kancane
Diurugi anjang-anjang
Disiram banyune kembang
Tonggo-konco podo nangisi
Yen nangis koyo wong nembang
Yen ngaji arang-arang
Mertandani imane kurang
======
Tidak ada komentar:
Posting Komentar