Gagrak : sak senenge dewe.
Lakon Bimo Suci (Cuplikan)
“Nggoleki sangkan paraning dumadi”
Werkudoro sing lagi wae thenguk-thenguk neng amben emper
omahe lagi ngudo roso. Ngunggahke ngeduk’ke ati lan pangrasane.
Werkudoro (neng jroning ati) :
“Heeeem...aku bingung, uripku iki mbesok kepriye, sopo sing
tak takoni iso nduduhake dalan menyang kasuwargan jati.., guruku amung siji
thok yokuwi pendito Durno, naging opo yo mungkin mergo pendito Durno kuwi guru
militer, udu guru pangolah roso.., nanging kepriye maneh ora ono dalan liyo
kejobo amung kuwi..”
Saknaliko Werkudoro pamit neng bojone Arimbi, arep nggoleki
gurune kuwi.
Werkudoro :
“mBokne Gathut...aku pamit disik, arep nggoleki guru Durno
bapakku..”
Arimbi :
“Ono perlu opo to pakne Gathut...kok ujug-ujug sampeyan
nggoleki Begawan Durno..”
Werkudoro :
“Wis kowe ojo takon menyang babagan iki, mengko menowo aku
wis bali tak kandani mbokne Gathut..”
Arimbi :
“iyo pakne Gathut, menowo wis dadi tekadmu aku muk nderek
memuji mugo kasil anggone pakne Gathut nggayuh kekarepane..”
Werkudoro :
“Yo wis nek ngono mbokne Gathut...aku tak budal..”
Sak naliko Bimo budal
nggoleki gurune Pendito Durno menyang Pertapan Sukolimo. Naliko tekan Pertapan
Sokolimo, Bimo wis disambut karo gurune
Pendito Durno.
Durno :
“Ngger anakku Werkudoro...kanthi karaharjan tekamu neng
Sokolimo kene..ngger..?”
Werkudoro :
“Antuk dungane bapakku Durno...tekaku kene nirsambikolo...”
Durno :
“Ngger Bimo...ono wigati opo anakku Bimo kedlarang-dlarang tekan
Sukolimo kene..ngger?”
Werkudoro :
“Aku bingung Durno bapakku..aku iki mbesuk menowo wis
tumekaning pati piye lelakonku..kuwi sing bakal tak jalukke pituture Durno
bapakku...”
Durno :
“Anakku Bimo, ono dwi syarat kang kudu mbok laksanaake ngger.... sepisan
Bimo kudu oleh kang jenenge kayu gung susuhing angin, kang ongko 2 tirto pawitro”
Werkudoro :
“Menyang ngendi anggonku nggoleki kang mbok kandaake iku mau
Durno bapakku..?”
Durno :
“Neng alas Candromuko, alas kang keliwat gawat, yen kowe ora
biso bakal tumekaning pati, karono akeh sing dadi kurban...menowo kowe ora
samapto ing gawe, ojo budal anakku Bimo..”
Saknaliko Bimo budal menyang alas Condromuko, alas
diobrak-abrik malah pethuk karo sing nunggu alas mau. Sakbanjure Bimo perang
tanding karo buto sak kloron kang aran Rukmuko lan Rukmokolo. Peperangan mau
Bimo biso ngasorake buto cacah 2 kuwi mau, lan saknaliko babar Dewo Indro lan
Dewo Bayu.
Werkudoro :
“Heeem....lha tibake kok pakulun Indro karo Bayu..”
Bethoro Indro + Bayu :
“Ngger Bimo...opo wigati kowe nganti tekan alas kene
ngger...?”
Werkudoro :
“Aku golek Kayu Gung Susuhing Angin karo Tirto Pawitro,
syarat soko guruku Durno..”
Bethoro Indro + Bayu :
“Neng kene ora ono yo ngger jeneng sing mbok kandaake
kuwi...wis muliho wae ngger...”
Saknaliko Werkudoro mulih, marani gurune Durno :
Werkudoro :
“Huuaaa....Durno bapakku, katiwasan...alas wis tak
obrak-abrik ora ono jeneng Kayu Gung Susuhing Angin, malah aku perang karo buto
jebul Dewo Indro karo Bayu...”
Durno :
“Ngger Bimo...ora opo-opo anakku. Bombong atine bopo gurumu
iki, kowe wis kasil oleh Kayu Gung Susuhing Angin..nah saiki kowe kudu oleh
Tirto Pawitro kanggo nyampurnaake syarat mau ngger...”
Bimo :
“Menyang ngendi anggonku nggoleki Durno bapakku ...?”
Durno :
“Yu kuwi manggon ing tengah Samudro Minangkalbu...ngger..”
Werkudoro :
“Ono ngendi papan dumununge Samudro kuwi mau....”
Durno :
“Terserah kowe ngger..,nengdi anggonmu nggoleki, kowe moro
ngetan ono ing etan, kowe moro ngidul ono ing kidul, weningno ciptamu, leremno
atimu jumangkaho marang kang dituju...yo neng kono mau onone Samudro
Minangkalbu..welingku ojo pisan-pisan takon karo sopo wae...”
Werkudoro langsung budal ngetutake alam pikire kang wening
mau. Ing pinggire samudro Werkudoro lenger-lenger, arep nyilem mrongga-mranggu
atine. Nanging kepriye maneh, piweling soko gurune Durno ora oleh takon marang
sopo wae. Werkudoro ngeningke cipto sautoro lan langsung...Byuuuur... Mloncat
ono ing tengahe samudro. Ing tengah samodro digubeti ulo kang aran Nogobondo,
soyo sesek-soyo sesek ambegkane Werkudo, naliko wis nganti arep lemes awake
Werkudoro, tangane Werkudoro klumawe...kuku Ponconoko nyuwek kulit
Nogobondo..soyo longgar-soyo longgar ambegakan Werkudoro. Sak naliko Werkudoro
diuncatake Nogobonto tumibo ing padaratan. Sak tumibone ing padaratan..
Werkudoro nyumurupi ono pawongan kang gedene amung sak jempolan sukune.
Dewo Ruci :
“Bimo...kowe nggoleki opo nganti tekan kene..”
Werkudoro :
“Aku nggoleki tirto pawitro....kowe kuwi sopo...?”
Dewo Ruci :
“Aku Dewo Ruci Marbudyengrat...”
Werkudoro saknaliko ndeprok.
Werkudoro :
“Duuh pakulun sesembahan kulo, kulo mboten mangertos menawi
panjenengan Ruci Dewo kulo..”
Dewo Ruci :
“Ora dadi opo Bimo....kepriye larah-larahe kowe nganti
tumekan kene...ngger...?”
Werkudoro :
“Pakulun....., kulo tangklet dateng guru kulo Durno,
piyambake ngendiko sok sinten kewolo purun tangklet, bade pikantuk
pitedah...senaoso mboten tiyang kolowau ingkang njawab pitangklet kolowau....”
Dewo Ruci :
“Bimo...manjingo siro lewat kupingku iki....mengko bakale
nyumurupi opo kang dadi gegayuhanmu”
Saknaliko sang Bimo manjing ono ing talingane Dewo
Suci....wuzz...!!!
Werkudoro :
“Kulo saget ngraosaken roso ingkang tentrem wonten ing mriki
pakulun...”
Dewo Ruci :
“Bimo...yo kuwi kang diarani Sangkan Paraning Dumadi,
sakdurunge siro linairake ing jagat kang mbok lakoni saiki, manggonmu ono ing
jagat iki...amergo siro nyawiji karo kang gawe urip Dzat Kang Moho Agung...ngger....”
Werkudoro :
Werkudoro :
“Nanging Pakulun, Menopo kulo linairake wonten jagat sakmeniko
Pakulun...?”
Dewo Ruci :
“Bimo...siro linairake amergo soko kekarepane Gusti Kang
Moho Kuoso...kanggo nglakoni sing dadi kwajiban kang kudu mbok
tindaake...ngger”
Werkudoro :
“Wonten pundi mangke kulo wangsul...Pakulun..”
Dewo Ruci :
“Opo kang mbok sumuri ing kono...”
Werkudoro :
“Whaaaaah....meniko wonten cahyo warno kuning, abang, ireng,
putih...sedoyo ndamel endah ugi
nyengsemaken..”
Dewo Ruci :
“Mangertenono Bimo...warno-warno kuwi mau kahanan kang mbok
alami ing jagatmu saiki yokuwi ndunyo...ati-ati marang warno-warno kuwi yo
ngger...yen siro ora prayitno lan waspodo, bakale siro anemoni kasangsaran
ngger...”
Werkudoro :
“Nanging Pakulun...meniko wonten warno ingkang dereng natos
kulo sumurupi...saestu kulo dereng natos nyumurupi warno ingkang kados
mekaten....”warno meniko langkung sae, endah, nyengsemaken, ugi damel pepadang....”
Dewo Ruci :
“Bimo...siro ora bakal ngerti ngger....amergo sejatine i
wujud Gusti Kang Akaryo Jagat ing alam dunyo iki ora nono sing madani, kang
karepe ing alam kasunyatan utowo ing alam ghoib ora ono sing madani wujud Gusti
Kang Akaryo Jagat mau....Kowe amung biso ngrasaake katentreman kang ora biso
dikandaake kang ora biso dibayangake...”
Werkudoro :
“Menopo Pakulun sampun natos kepanggih kalian Panjeneng-IPUN...”
Dewo Ruci :
“Durung...Bimo, Yo agi iki aku nyumuri warno kang koyo
mengkono mau. Yo bebarengan siro iki ngger...”
Werkudoro :
“Whaaa...Kados pundi Pakulun inggih nembe mangertosi
sesarengan kaliyan kulo....”
Dewo Ruci :
“Aku lahir bareng karo kowe..ngger, kowe kuwi yo aku, aku
kuwi yo kowe Bimo..”
Werkudoro :
“Whaaa....kulo malah mboten mudeng Pakulun...”
Dewo Ruci :
“Bimo, tak kiro wis wektune kuwe metu soko kupingku iki yoo
ngger....metu soko jagatku...lan kowe kudu bali maneh menyang alam dunyomu
kanthi koyo panguripanmu sing uwis-uwis...”
Werkudoro :
“Nyuwun pangapunten Pakulun, kulo krasan gesang wonten
mriki...”
Dewo Ruci :
“Bimo...ojo kepenak jroning kesenengan amergo jagat alam
dunyo kuwi ora nono kang gawe marem...wis enggal metuo ngger...sedulurmu bakal
nggoleki siro...Bimo..”
Tancep Kayon.
----------------
Intisari Lakon Bimo Suci :
Manusia hendaklah belajar dan belajar tanpa kenal lelah. Kecerdasan/olah
batin lebih utama dari pada kecerdasan/olah pikiran. Jika hanya kecerdasan/olah
pikiran maka manusia hanya berpikir tentang hal-hal yang nyata, sedangkan
dengan kecerdasan/olah batin, manusia berpikir tentang hal-hal yang abstrak
menjiwai setiap pelajaran yang berbentuk pesan dari alam.
Lakon Bimo Suci melambangkan perjalanan batin seseorang dalam
mencari kehidupan akhir. *Aku ya kamu, kamu ya aku* adalah ketika manusia
berada dalam alam kerohanian, maka disitulah segala keindahan bisa dirasakan.
Sebagai pengingat bahwa lakon Bimo Suci tidak menemukan
bentuk yang nyata Dzat Yang Maha Kuasa. Karena Dia ghoib, dan tak ada yang sama
dengan didunia nyata ini dan sekaligus tidak ada yang sama dengan yang dialam
ghoib, artinya bahwa makhluk ghoibpun tidak pernah tahu wajah Tuhan yang
sesungguhnya.
Wallohua’laam bishshowwab.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar