moto

BLOG'S "SAK ENENGE" IKI, ORA KANGGO NDADEKNE SENGSORO LIYAN....
OPO MANEH GAWE NGRUSAK LIYAN.....
NEK ONO GUNANE AYO DI JUPUK...
MENOWO ORA ONO GUNANE...
YO WIS...
OJO DILEBOKNE ATI....

UNGELAN PAMBUKO

SUGENG RAWUH SEDEREK SEDOYO....
MUGIO PINARINGAN RAHAYU
WILUJENG NIRSAMBIKOLO

Jumat, 13 September 2019

TULISAN NALIKO SENGGANG - MBOH OPO JUDULE


*MBOH OPO JUDULE*

Jarene menungso kuwi jalmo tan keno kiniro. Tan keno kiniro maksute manungso ora biso amung didelok soko lahire. Contone woh/buah duren. Laire akeh erine, nanging rasane akeh wong sing podo kepincut, malah biso dadi pepenginan lan klangenan. Conto maneh lombok, lahire alus, abang brining ketoke legi nanging rasane pedes.


Sekabehe kahanan lan lelakon sak biso-bisane digraito nganggo weninge pikir lan alusing ati lan menep-ake ponco driyo, amergo ponco driyo kuwi sok kolo mangsane ngapusi.

///Sik kang....ponco driyo kok ngapusi ki piye larah-larehe///.
Kowe wis pernah eruh ndog amun-amun? 
///Yo uwislah..kuwi bahasa Indonesiane fatamorgana///.
Nah.... sing mbok weruhi opo...?
///Yo koyo banyu.///
Nek mbok cedaki eneng banyune opo ora?
/// Yo ra eneng kang...wong  jenenge fatamorgana///.
Naaah..yo kuwi sing tak karepke menowo ponco driyo kuwi sok kolo mangsane ngapusi.

Conto maneh, kowe ndelok raine Mujiono soko ngarep podo pora nek mbok delok soko iringan?
//Yo..ra podo to kang..kang, mergo ndeloke soko sudut pandang yang berbeda///
Nah...wong podo Mujionone kok ra iso podo yo..berarti kowe diapusi karo ponco driyamu lee...

Kembali ke Lap...Top.
Alusing pikir lan weninge pikir, biso ndadekake nyawang sekabehe lelakon dadi becik lan apik. Nora ono kang olo ing ndunyo iki. Mergo olo kuwi akibat soko tumindak.

///Sik kang...Interupsi...///
Opo sing mbok interupsi
///Kabeh kuwi apik ora ono sing olo, alane akibat soko tumindak ki piye karepe???///
Nek ngono aku tak takon. Daging celeng kuwi karom opo kalal???
///Yo karom to kang...wong neng kitab suci disebut nek kuwi karom///
Nek aku ngeyel kalal?? Piye??
///Yo ra iso...nyalahi dalil jenenge///
He..he..he..he..he... Nek kanggoku daging celeng kuwi kalal kok. Lha wong aku ra mangan. Akibat olo (karom) kuwi mergo ono tumindak yokuwi tak pangan  Di...Mukidi.
///Ngono yo kang///
Yo genah to yo. Mangkane sekabehe lelakon kuwi kudu dipikir kanthi jembar, ora ditompo opo anane. Nek upomo mangan ora langsung dileg glender, nanging dipamah disik ben lembut terus lagi di ulu. Sejene kuwi kerja lambung ora abot, ngising yo penak.

///Interupsi maneh///
Kowe kuwi lho...interupsi ae gaweanmu...koyo rapat DPR.
///kowe kuwi nek ngomong saru///
Saru sing endi lee??
///Lha kuwi...tembung ngising///
Jane ora saru, lha arep nganggo tembong opo maneh, wong ilat  Mediun ki pancen ngene iki.
///Yo mbok diganti nganggo “nggeguang’ opo ‘bebucal’... ben ojo saru..///
Yo kari sudut pandangmu lehmu ndelok soko endi...lha nek nganggo kromo yo koyo sing mbok kandakne kuwi...lha nek ngono liyani kuwi ora eneng kok, sejene ngono aku omong yo muk karo kowe thok, ora eneng wong tuwo.
///Sik kang...iki lakone opo??///
Lakone OSKADON OYE.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar