moto

BLOG'S "SAK ENENGE" IKI, ORA KANGGO NDADEKNE SENGSORO LIYAN....
OPO MANEH GAWE NGRUSAK LIYAN.....
NEK ONO GUNANE AYO DI JUPUK...
MENOWO ORA ONO GUNANE...
YO WIS...
OJO DILEBOKNE ATI....

UNGELAN PAMBUKO

SUGENG RAWUH SEDEREK SEDOYO....
MUGIO PINARINGAN RAHAYU
WILUJENG NIRSAMBIKOLO

Senin, 22 April 2024

Lakon Wayang

Wayang Kulit

Sesi      : Cangik lan Limbuk.

Gagrak : Bukan Yogyakarta, Bukan Surakarta, Bukan Banyumasan, Bukan Jawa Timuran – Tapi Sak Senenge Dewe
Dalang  : Ki Arep Gelemrono.

 

Cangik lan Limbuk lagi olah-olah neng pawon, wong 2 grenengan ngalor ngidul sinambi nyiapke daharan bendharane prabu Duryudono karo garwane Banowati.

 

Limbuk :

“mBok...wingi pethuk pakde Petruk neng cakruk prapatan trus omong neng aku. “nduk Limbuk cah ayu sing lemu ginuk-ginuk. Manungso kuwi ojo muk ndelok kulite nanging sing luwih becik ndelok isine.”

 

Cangik :

“Lha terus jarene pakdemu Petruk piye nduk...?”

 

Limbuk :

“Yoo muk omong ngono kuwi thok ... mbok..”

 

Cangik :

“Terus mbok jawab piye..?”

 

Limbuk :

“Yo tak jawab : “ iyo pakde”. Muk ngono thok...lha wong arep tak takokne sing luwih mendetail aku dewe yo kabotan nggowo blonjo...dadi yo tak jawab sambil lalu wae... ”

 

Cangik :

“Rupamu nduk..wong lulusan SD Pamong wae kok nganggo ukoro “mendetail” barang...”

 

Limbuk :

“Yoo karepku mbok.., ben ketok rodok gaul..hahahahaaha...”

 

Cangik :

“Ojo ombo-ombo nek ngguyu...nek kelebon laler cangkemmu lho..”

 

Limbuk :

“mbok’e kasar...mosok di cangkem-cangkemke aku..”

 

Cangik :

“Lhooo...nek wong tuo nek anak ki rapopo nduk, nek anak neng wong tuo kuwi kudu eneng unggah ungguh sopan santun nek omong...”

 

Limbuk :

“Iyho..iyho mbok, ngono wae ngetokne keris....njajal mbok sampeyan crito koyo sing dikandaake pakde Petruk kuwi...”


Cangik :

“Maksudte kang diarani pakde Petruk kuwi, ojo gumunan barang kang ketok yo kuwi kulit, nanging kudu luwih dimangerteni sing ra ketok...yo kuwi “isi”ne....”

 

Limbuk :

“Aku kok malah bingung to mbok..mbok..”

 

Cangik :

Kulit penting isi luwih penting nduk.., contone : ayu lan gantheng.  Kuwi kulit, isine yo kuwi kepribadian lan at. Omongan kuwi kulit, isine yo kuwi : kasunyatan, Kawibawan : kuwi kulit, isine : watek/karakter, Rejeki :kuwi kulit, isine yo kuwi berkah. Jubahe Bagawan Bismo : kae kulit, isine yo kuwi : pitutur kang becik, Mangan nyamleng : kuwi kulit, isine : gizi lan vitamin, sugih : kuwi kulit, isine yo kuwi ati kang sumringah. Status sosial : kuwi kulit, isine yo kuwi : empati lan simpati marang sapodo lan liyo liane..Wigatine utamakno isi, ning openono kulite..ugo ojo gumunan ojo kagetan menowo meruhi barang kang durung pernah diweruhi ing babagan urip iki..”

 

Limbuk :

“Ngono yo mbok...”

 

Cangik :

“Wis kono kowe turu disik, ojo ngiler loo yoo, klentheng neng bantalmu wis podo thukul kae loo mbendino mbok sirami ilermu..ngko nek tangi gombalmu sing neng sampiran kae ndang dikum...”

 

Limbuk :

“Kowe yo ndang didis neng amben ngarep pawon kono... mbok, mosok tumo kawit sampeyan prawan nganti tuwek keplek kok betah...hahahahahha”

 

 

Tancep Kayon

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar