moto

BLOG'S "SAK ENENGE" IKI, ORA KANGGO NDADEKNE SENGSORO LIYAN....
OPO MANEH GAWE NGRUSAK LIYAN.....
NEK ONO GUNANE AYO DI JUPUK...
MENOWO ORA ONO GUNANE...
YO WIS...
OJO DILEBOKNE ATI....

UNGELAN PAMBUKO

SUGENG RAWUH SEDEREK SEDOYO....
MUGIO PINARINGAN RAHAYU
WILUJENG NIRSAMBIKOLO

Selasa, 23 April 2024

Petruk Dadi Ratu

Wayang Kulit
Lakon   : Petruk Dadi Ratu
Gagrak : Bukan Yogyakarta, Bukan Surakarta, Bukan Banyumasan, Bukan Jawa Timuran –                          Tapi Sak Senenge Dewe

Dalang  : Ki Arep Gelemrono.

 

Hooong wilaheng awignam  astu  nomo  sidem. Suwuh rep dotopitono. Hanenggih meniko ingkang dipun wastani Kahyangan Yonggring Saloko inggih Kahyangan Suroloyo. Salah satunggaling kahyangan papan dumunungipun poro Jawoto ingkang sampun hangancik tataran luhur bebudenipun. Kahyangan Yonggring Saloko ugi papan kagem hanedahaken poro satrio ugi kawulo dasih tumuju dateng keblatipun manembah dumateng Sang Hyang Widhi.

Poro Jawoto sami makempal, mekaten sabdane Bathoro Manikmoyo ingkang kawiyos ing lesan.

 

OOOOONG.........

Bethoro Guru :

"Kakang Narodo....sak sampunipun kesigeg sak untawis kolowau dalu, sakmeniko sumonggo Kakang Narodo nglajengakan lampahanipun si Petruk Kanthong Bolong.

Bethoro Narodo :

"Bregenjong-bregenjong pak-pak-pong waru doyong. Godong lumbu ngge buntel tape. Bocah ayu sopo sing nduwe. Hayyaaaak....haayyaaak..".

Bethoro Yomodipati :

“Lagi iki ono Narodo muni haayyaak...haayyaak....”.

Bethoro Narodo :

“Yomodipati..... ra sah humeg kowe........ gelem rungokno ra gelem minggato”. Iki diluar pakeme Narodo, dadi yo sak senenge sing nulis.

Bethoro Yomodipati : 

“Hoalah....lagi iki eneng dewo kok baperan...”

Bethoro Narodo :

“Yo men....”.

Bethoro Guru :

“Sampun-sampun Kakang...!!! Yomodipati meniko lare alit, mboten sisah dipun gatosaken...”.

 Bethoro Narodo :

“Mekaten Adi Guru.... Wekdal sakmangke si Petruk Kanthong Bolong sampun jumeneng narendro wonten ing negari Ngastino. Jejuluk prabu Whel Geduwel Beh. Ugi sak mangke prabu Whel Geduwel Beh bade mbedah negari Ngamarto, poro Pandowo sami bingung bade dateng pundi nyuwun sroyo kagem nandingi perang tanding kaliyan Prabu Whel Geduweh Beh meniko....”.

Bethoro Guru :

“Jagat dewo bathoro yhooo jadat pangestungkoro....... Petruk saget jumeneng ratu meniko larah-larahipun kados pundi..Kakang...”.

Bethoro Narodo :

“Laah...Meniko Adi Guru. Pawartos ingkang kulo tampi menawi si Petruk meniko nyidro Jamus Kalimosodo. Kito mangertos menawi Kalimosodo meniko payungipun Ngamarto lan piyandelipun Puntodewo, ugi sok sinteno kewolo tiang ngasto Kalimosodo saget kasembadan sedoyo ingkang dipun sėjo lan jongko....”.

Bethoro Guru :

“Menawi mekaten Ngarcopodo bade risak tatananipun Kakang... bakal risak menawi ingkang nyepeng panguwaos meniko amung jalmi limrah ingkang mboten gadah piyandel babagan toto negari....”.

Bethoro Narodo :

“Meniko sampun kalampahan Adi Guru....Katitik Prabu Whel Geduwel Beh mboten ngawisi kawulanipun ingkang dados awisanipun negari...”.

Bethoro Yomodipati :

“Contonipun menopo meniko Wo...”.

Bethoro Narodo :

“Contone akeh Mo... SDSB, TSSB, PORKAS ora dilarang, ndhem-ndheman ora dilarang, adu pitik ora dilarang, ciu, arak putih, topi miring lan oplosan akeh sing bakul. Colong jupuk gawe serik tonggo-teparo prasasat sakben ndinone....”.

Bethoro Guru :

“Menawi mekaten Kakang Narodo kapekso nimbali si Prabu Whel Geduwel Beh ngabiantoro wonten Yonggring Saloko...sak perlu nampi lampahipun pangadilan.....tuwin menawi saget dipun emutaken, menawi mboten saget kalebetno wonten kawah Condrodimuko....".

Bethoro Narodo :

“Kasinggihan Adi Guru....”.

Bumi gonjang-ganjing langit kelap-kelap. Katon lir kincanging alis risang maweh gandrung, sabarang kadulu wukir moyhag-mayhig.......ooooooooong.

Lah meniko to wau, parepatan agung poro Jawoto ngrembak ingkang dados damel horegipun kahyangan ingkang dumodos saking polah gawene si Prabu Whel Geduwel Beh. Saking angkoso Narodo tumurun wonten negari Ngastino ngabiantoro wonten ngajengipun Prabu Whel Geduwel Beh.

Bethoro Narodo :

“ Opo jeneng kito kang aran Prabu Whel Geduwel Beh...?”.

Prabu Whel Geduwel Beh :

“Hahahahaha.....iki sopo ono pawongan ora iso ndingkluk...lha kok ndangak terus opo ora kemeng gulune...?”.

Bethoro Narodo :

“Hussss.....Mangertenono...sak elek-elekku aku ki dewo...”.

Prabu Whel Geduwel Beh :

“Oalah...Dewo to, tibake eneng yo Dewo ki sing kecenthet....”.

Bethoro Narodo :

“Whoooo....samber ndelap tenan bocah iki....”.

Prabu Whel Geduwel Beh :

“Sampeyan Dewo....jenengmu sopo...?”.

Bethoro Narodo :

“Wheee....iki karo Dewo kok ra nduwe toto kromo....ora nduwe dugo blas. Jeneng ingsun Narodo...!!”.

Prabu Whel Geduwel Beh :

“Whooo....jenengmu Delopo...”.

Bethoro Narodo :

“Jeneng ingsun Narodo....budeg tenan...”.

Prabu Whel Geduwel Beh :

“Naah....menyang kratonku iki arep nyapo kowe..?”

Bethoro Narodo :

Wis...wis..wis.....jiaan, toto kromo ilang tenan. Yo wis ra popo. Tekaku mrene kuwi arep nimbali jeneng kito tak kanthi menyang Yonggring Saloko wigatine arep ndangu jeneng kito Prabu Whel Geduwel Beh amargo tatanan Ngarcopodo rusak naliko Prabu Whel Geduwel Beh jumeneng ratu.

Prabu Whel Geduwel Beh :

“Aku kon neng Yonggring Saloko.....? Lha kok uthing, sing butuh kono... kok sing kene kon krengkalan menyang Yonggring Saloko....memange ra nganggo sangu, ngelak neng ndalan po ra jajan, terus tuku tiket pesawat, mosok kon modal dewe...wegah.....TUMAN!!!”

Bethoro Narodo :

“Jiaaan...tobat tenan ngrasakne bocah iki. Saiki perang wae...tapi aku Dewo emoh perang, aku tak nyeluk Punokawan...kuwi musuhmu... Yen jeneng kito Prabu Whel Geduwel Beh kalah bakal nompo pidono soko Kakang Manikmoyo...”

Prabu Whel Geduwel Beh :

“Ok.... Tak tunggu neng kene...”

Kaget risang kapirangu. Rinangkul kinempit-kempit...ooooooong.

Lah meniko Punokawan ingkang bade adu tanding kaliyan Prabu Whel Geduwel Beh. Gareng kaliyan Bagong.

Bagong :

“Reng.....kenal po ra karo ratu iki...?”

Gareng :

“Sopo yo..Gong....lagi eruh iki aku...”.

Prabu Whel Geduwel Beh :

“Eneng uwong sing siji mripate mendholo gedene sak tampah.... Sopo kowe....?”.

Bagong :

“Kere ki....pancen ngene iki mripatku....ombo nek eruh telek iso awas. Jenengku Bagong...”.

Prabu Whel Geduwel Beh :

“Sopo jenengmu sing mripate kêro tangane cekot kuwi.......?”.

Gareng :

“Gong.....”.

Bagong :

“Opo Reng.....”.

Gareng :
“Ratu iki koyoke rung tau diuyuhi kodok...  Nyeluk sak karepe udele dewe..... Jenengku Gareng...”

Prabu Whel Geduwel Beh :

“Oooo....kowe sing dikongkon Dewo ndangak mau kon perang musuh aku yo...?”

Gareng :

”Iyhoo...”.

Bagong :

“Hoalah....mosok to perang musuh dulur dewe...?”

Prabu Whel Geduwel Beh :

“Sopo...? Aku dulurmu..? Ngaku-ngaku dulur, ora lidhok paling ngko arep njaluk beras...”.

Gareng :

“Mosok nek ratu kuwi Petruk..Gong...”.

Bagong :

“nJajal deloken irunge kuwi....dowo ngono genah Petruk...”.

Gareng :

“Aku sik rung percoyo...njajal tak ambune klambine...”.

Bagong :

“Nyapo klambine... Reng....”.

Gareng :

“Pokok nek klambine mambu lengo potro yo bener Petruk...”.

Bagong :

“Piye ambunen.... Reng..”.

Gareng :

“Waaah... Iyhoo......mambu lengo potro....bener Petruk iki...”.

Prabu Whel Geduwel Beh :

“Petruk dengkulmu mlicet kuwi....aku Prabu Whel Geduwel Beh... Ratu gung binathoro.... ratu Ngestino lan Ngamarto... negoro kaloron kuwi wis tak teluk’ake...ratune wis tak kunjoro kabeh...”.

 

Ora ngerti sangkan paraning bilahi, Bagong mancal Prabu Whel Geduwel Beh nganti mahkota rojone ucul saking mustakanee sang Prabu Whel Geduwel Beh.....sak naliko Gareng ngrencangi Bagong mithing janggane Prabu Whel Geduwel Beh.

Prabu Whel Geduwel Beh :

“Kapoook....kapooook...kapoook....iyhoooo...aku Petruuuuk....”.

Bagong :

“Lhaaa....rak tenan to...Petruk tibake...”.

Gareng :

“Oalah Truk....raimu koyo uthis ngono ndadak dadi ratu.....trimak-trimakno yo lee...nek kowe kuwi mung patut dadi batur...di kongkon mrono budal.. di kongkon mrene tandang...”.

 

Bethoro Narodo :

“Jebule laa kok Petruk sing dadi ratu.  Petruk...!!! Ono karep opo jeneng kito mekso dadi ratu...Petruk...”.

Petruk :

“Nyuwun pangapunten Pakulun..., kulo dados ratu meniko sejatosipun namung ngengėtaken poro nduwuran niko...?.

Bethoro Narodo :

“Ngelingke bab opo jeneng kito Petruk kanggone poro ratu kuwi..?

Petruk :

“Kulo saget nyidro Kalimosodo, margi tiyang Ngamarto mboten open lan ngopeni Kalimosodo. Kalimosodo namung kados godong jati, namung damel buntel. Menawi isi buntelane sampun didhahar godhonge dipun bucal dados larahan. Ugi Kalimosodo namung kagem geden-gedenan wonten lathi, mboten dipun tindakaken intisarinipun Kalimosodo dateng tumindak. Kalimosodo namung damel agol-agol nanging tumindak lan pakartinipun babar pindah mboten adedasar Kalimosodo. Kalimosodo namung damel demo, unjuk rasa, malah sok sinteno kewolo ajrih mireng Kalimosodo, kedahipun Kalimosodo saget damel ayom tuwin ayeming manah...”.

Bethoro Narodo :

“Iyhooo Petruk.....dadi wis cetho welo-welo karepe Petruk dadi ratu kuwi. Yo wis Ulun tak munggah Yonggring Saloko matur menyang ngarsane Adi Guru lelakone Petruk iki.  Punokawan...!!! Gareng, Petruk lan kowe Bagong...Ulun pamit kanthi sesanti suro diro jayaningrat lebur dening pangastuti...”.

Mekaten meniko lampahan Petruk dadi ratu, menawi wonten kirang-langkung ugi keladhuk anggen kulo matur/nyerat, kulo nyuwun lumunturing sih samudra pangaksomo.

Wassalamu’alaikum wr.wb

 

*Tancep Kayon*

Tidak ada komentar:

Posting Komentar