moto

BLOG'S "SAK ENENGE" IKI, ORA KANGGO NDADEKNE SENGSORO LIYAN....
OPO MANEH GAWE NGRUSAK LIYAN.....
NEK ONO GUNANE AYO DI JUPUK...
MENOWO ORA ONO GUNANE...
YO WIS...
OJO DILEBOKNE ATI....

UNGELAN PAMBUKO

SUGENG RAWUH SEDEREK SEDOYO....
MUGIO PINARINGAN RAHAYU
WILUJENG NIRSAMBIKOLO

Senin, 22 April 2024

Cerita Wayang Kulit

Lakon   : “Cangik Momong”

Gagrak : Bukan Yogyakarta, Bukan Surakarta, Bukan Banyumasan, Bukan Jawa Timuran – Tapi Sak Senenge Dewe
Dalang  : Ki Arep Gelemrono.

Naliko neng pawon lagi olah-olah panganan, Limbuk mung ndlongop ngingeti njobo pawon. Weruh mengkono kuwi mau, mboke si Cangik alok.

 

Cangik :

“Jane kowe ki nyapo to nduk...kok plonga-plongo thok, mbok yo ndang nyekel  gaweyane..ben ndang rampung terus iso leren jenak...”.

 

Limbuk :

“Ora nyapo-nyapo kok mbok..., mung pikiranku sing ngganjel....”.

 

Cangik :

“ngGanjel piye karepmu ki...”

 

Limbuk :

“Ngene yo mbok...kurang luwih seminggu maneh rak dino natal, kamongko tonggone dewe eneng sing natalan. Lha aku ki Islam loo mbok..., mosok arep ngucapke selamat natal...”.

 

Cangik :

“Yoo kuwi terserah kowe nduk...ngucapne opo ora...”.

 

Limbuk :

“Nek mboke  piye? ngucapkne opo ora...?”

 

Cangik :

“Nek mbokmu ngucapke selamat natal...nduk..”

 

Limbuk :

“Lhadala....ati-ati mbok..., kowe iso diarani wong kapir loo...”.

 

Cangik :

“Siiik....sik. Diarani wong kapir kuwi mergane piye nduk...?”

 

Limbuk :

“Lha kae loo mbok....Lakum dinukum waliyadin//Kanggomu agomomu kanggoku agomoku..”

 

Cangik :

“Ngene yoo nduk...kuwi bener, nanging kuwi babagan ketauhidan/kapercayan, keyakinan”

 

Limbuk :

“Maksudte piye to mbok... “

 

Cangik :

“Maksudte ngene lo nduk....upomo mbokmu kuwi diwehi duit sak trilyun, kon ngakui menowo Pengeran kuwi ono 2 utowo 3, nganti tutupe ndunyo ora bakalan tak tompo nduk...Gusti kuwi yo muk siji, Alloh SWT, Sang Hyang Widhi, lan ugo...... menowo mekso keyakinanku kon ngakoni menowo Gusti kuwi ono 2 utomo 3, tetep tak pertahanke keyakinanku kuwi mau nganti pedote guluku nduk...”.

 

Limbuk :

“Lha berarti sampeyan melu wong kapir mbok... nek ngono kuwi....”

 

Cangik :

“Melu wong kapir piye to nduk...nduk”.

 

Limbuk :

“Lha kuwi...melu ngucapke natal...”

 

Cangik :

“Lha wong kapir opo kudu mesti dimusuhi po piye...?, rak yo ora to...? di delok disik kapire koyo opo....”.

 

Limbuk :

“Kapir kok didelok to....mbok,  kapir yo kapir...”.

 

Cangik :

“nDuk... kapir kuwi eneng sing diarani kapir harbi, ono sing diarani kapir dzimmi...”. Nah....kapir harbi kuwi sing gawe ontran-ontran, sing ngganggu keyakinane wong liyo, sing gawe rusake tatanan urip, nek kuwi aku maju disik tak rewangi guluku pedot nduk...., lha nek kapir dzimmi kuwi kapir sing urip bebarengan, sing urip manut tatanan lan ora ngrusuhi keyakinane wong liyo, sing nduweni hubungan muamalah,  malah Kanjeng Nabi ngendiko : “Sok sopo wonge ngganggu kafir dzimmi, mongko podo wae karo ngganggu aku”...kuwi sabdane Kanjeng Nabi nduk...”.

 

Limbuk :

“Sik mbok...kembali ke laptop mbok..., lha perkoro ngucapke selamat natal kuwi mau piye mbok..”

 

Cangik :

“Nek mbokmu ngucapke yo ngucapke wae nduk...ora nduwe pikiran werno-werno...perkoro wong Nasrani ngakui Yesus kuwi Pengeran utowo Gusti Allah sing nyawiji  jroning Trinitas, Tuhan Anak, Tuhan Bapak, Ruhul Kudus yo wis ben, pokok mboke nduweni keyakinan menowo Yesus/Nabi Isa kuwi  Nabi lan Utusane Gusti Alloh, kang linairake soko Siti Mariam.... Lam Yalid Wa Lamyulad//Gusti kuwi ora kagunan anak lan ora nduweni anak, kuwi keyakinanku..., wong Nasrani nembang Malam Kudus, Kidung Malam, kidung Bunda Maria,  yo wis ben....aku tak tetep nembang rukun Islam kuwi ono 5....hehehehehe”.

 

Limbuk :

“Lha tapi rak ora perlu ngucapke selamat natal to...mbok”

 

Cangik :

“nDuk...urip bebrayan kuwi golek katentreman marang sapodo-sapodo..., golek rukun guyup, bantu-sabiyantu....urip bebarengan minongko titahe Gusti, ojo udreg-udregan perkoro keyakinan. Menowo keyakinanmu kuat, arepo dikapak-kapakno yo tetep ra iso pindah...Iki ono crito nduk... Biyen naliko Kanjeng Nabi kerawuhan tamu wong Nasrani, pas dino Akad, tamu mau malah dikongkon ngibadah neng njero mejid nduk..., terus ono maneh naliko ono wong nggotong mayit, kanjeng Nabi ngadeg...sahabat ngandani Kanjeng Nabi menowo mayit kuwi mau Yahudi..., opo jawabe Kanjeng Nabi....”Aku ngormati uwonge, ora melu keyakinane/agamane...”. Nah... nguwongke uwong nduk sing angel tumrape wong urip kuwi....”.

 

Limbuk :

“Lha tapi jarene wong-wong njobo kae...engko dadi wong kapir loo mbok....”.

 

Cangik :

“nDuk....mbokmu iki diarani kapir, diarani Islam liberal, diarani Islam Abangan, Islam Nusantara yo wis ben. Penting mbokmu iki guyup rukun marang sapadane urip...ora royokan bener...mergo bener kuwi duweke Gusti Kang Akaryo Jagat, Alloh SWT, kamongko nek isih jenenge manungso kuwi isik kadunungan salah lan duso nduk.....lan dadi uwong kuwi kudu pinter-pinter nyaring, kudu pinter-pinter nggowo ati lan roso.  Nek ora ngono jenenge taklid buta... nduk....”.

 

Limbuk :

“Sik to mbok...taklid buta kuwi opo to mbok...”.

 

Cangik :

“Taklid buta kuwi gampangane omong...., ono uwong nguwehi panganan....nanging panganan mau ora mbok teliti, ora mbok delok wis njamur opo ora, wis tengik opo ora...wis mambu opo ora... nanging langsung mbok pangan...., kuwi jenenge taklid buta...”.

 

Limbuk :

“Terus nek nemoni kahanan ngono kuwi mau piye mbok....”

 

Cangik :

“Kahanan sing piye nduk...?”

 

Limbuk :

“Kahanan dino Natale wong Nasrani kuwi lo..mbok..”.

 

Cangik :

“Yoo saiki kari kowe nduk....mbokmu ora mekso kowe ngucapke opo ora...gumantung keyakinane lan atine dewe-dewe nduk...”.

 

Limbuk :

“Yo wis mbok.... aku tak ngumbahi sandangane ndhoro Banowati...”.

 

Limbuk :

“Iyo nduk... mbokmu tak ngelapi piring, gelas nyawiske dedaharane bendoromu...”.

 

Tancep Kayon.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar