moto

BLOG'S "SAK ENENGE" IKI, ORA KANGGO NDADEKNE SENGSORO LIYAN....
OPO MANEH GAWE NGRUSAK LIYAN.....
NEK ONO GUNANE AYO DI JUPUK...
MENOWO ORA ONO GUNANE...
YO WIS...
OJO DILEBOKNE ATI....

UNGELAN PAMBUKO

SUGENG RAWUH SEDEREK SEDOYO....
MUGIO PINARINGAN RAHAYU
WILUJENG NIRSAMBIKOLO

Rabu, 24 April 2024

NGAMEN

NGAMEN


Wis telung sasi  Jindil nganggur. Saben ndino uring-uringan karo sing wedok mergo cadong belonjo kurang, ditambah  anake  si jeneng Ceplis angger melek mripate jaluk duit ngge tuku jajan.  Saking judegke, Jindil budal ngamen macak badut neng lampu bangjo prapatan dalan gede.


Naliko lampu bangjone murup abang, Jindil mulai njoget barengan musik tape recorder sing dikalungne neng dodone. Naliko Jindil lagi njoget, weruh Paidi numpak montor lan mandek persis neng  garis pembatas penyeberangan. Sak naliko Jindil nyedaki Paidi karo ngethongi  gelas kosong aqua.

Jindil :

"Sak ikhlase…..Pak..!".

Paidi  pas naliko kuwi lagi ndeleng hape kaget, mergo ono badut neng ngarepe. Paidi ngemati  badut mulai soko nduwur nganti ngisor. Diemati nganti tekan sandale si badut.

Paidi  :

"Kowe Jindil yo...?".

Jindil  :

"Sanes pak...nyuwun sak ikhlase mawon".

Paidi  :

"Halah...kowe  Jindil. Ngaku ae…. Lha kuwi  sandal sing mbok enggo podo persis karo sing neng omahmu".

Jindil :

"Sssssst....ojo banter-banter, wong-wong ngko eruh aku ki tonggomu ".

Paidi :

"Lha we ki ngopo macak badut barang ki...wong raimu wae wis lucu timbang badut kok…".

 

Jindil :

"Hahahahaha.....biayangane cepet tenan we ki. Ngipi opo aku dek bengi… kok iso pethuk uceng-uceng kompor neng lampu merah…".

000--000

Tidak ada komentar:

Posting Komentar