Dalang : Ki Sumelo Atur.
Gagrak : Waton Muni
(Jejeran Karang Kadempel).
Lhah..inggih meniko ingkang aran Karang Kadempel. Dalan
tumuju Karang Kadempel ono gapuro. Sak nduwure gapuro ono gambar Garudo kang
ono tulisane Bhinneka Tunggal Ika. Kanan kiring gapuro ono gendero werni gulo-klopo.
Karang Kadempel ingkang gemah
ripah loh jinawi, toto tentrem kerto raharjo, subur kang sarwo tinandur murah
kang sarwo tinuku. Saben dedalan tinanduran wit turi kang katon ijo royo-royo.
Kembang turi kang warno putih, gumandul ing wit e prasasat koyo ngulama’ kang
lagi sujud. Sesawahan kang gumelar tinanduran pari prasasat koyo permadani kang
kasebul angin. Polo pendem uwi gembili sak kendi-kendi, gedang rojo sak
depo-depo. Timun kacang dele jagung sak jun-jun.
Ing wit-witan manuk podang podo nembang, manuk emprit, prenjak
podo lunjak-lunjak, manuk kutut podo manggut-manggut, manuk jalak podo
jingklak-jingklak.
Wanci enjang tabuh papat, mbok bakul cecolok obor sampun
bidal wonten pasar, konco tani sami mangkul garu-luku kalih nggelak kebo sapi
sinambi rengeng-rengeng suko-suko ati. Wanci enjang tabuh 6 lare-lare sampun
bidal wonten ing pasinaon.
Wonten ing pinggiring Karang Kadempel wonten sendang kang
asrep toyanipun. Kagem padusan konco tani ingkang bibar olah tetanen. Wanci
enjang kagem ngguyang kebo sapi. Wanci sonten lare angon sami jagong, wanci
surup kebo-sapi mantuk wonten kandange dewe-dewe. Karang Kadempel ketingan asri
ugi ayem.
Lhah sinten to ingkang mandegani Karang Kadempel, mboten
sanes inggih Ki Lurah Semar, inggih Bodronoyo, inggih Sang Hyang Ismoyo kang
ngejowantan. Ki Lurah Semar nembe leyeh-leyeh saking katebihan kang putro
Petruk Kanthong Bolong mrepeki ramane.
Petruk :
“Assalamu’alaikum wr.wb...”.
Semar :
“Wa’alaikumussalaam wr,wb.....eeee anakku thole Petruk,
kanthi karaharjan praptamu ing Karang Kadempel kene...thole...?”
Petruk :
“Alhamdulillah...berkah pujo-pujine romo Semar...praptaku
ing Karang Kadempel kene ora ono alangan opo-opo...’.
Semar :
“Ooo iyo thole...kowe mrene kok ijen, biasane karo kakangmu
Gareng lan adimu Bagong...?”
Petruk :
“Kang Gareng ora iso teko kene Mo....mergo tonggone nduwe
gawe, muk dek mau kang Gareng titip salam kangge Romo Semar...Bagong yo semono
ugo ora biso mrene mergo ipene jarene nduwe gawe sunatan....liyo dino arep
sowan dewe menyang ramane Semar...”.
Semar :
“Iyhoo..iyo..iyo...ora dadi ngopo....wong pancen urip
bebrayan ki kudu tulung tinulung marang sakpadane urip...yo mlebu o omah
disik...mbokmu kae olah-olah opo...nek ra eneng yo banyu-banyu kendi digowo
rene....”.
Petruk :
“Iyhoo Moo.....Trus iki ngene Moo...tekaku menyang Karang
Kadempel kuwi, pisan.. kangen karo ramane Semar, pindo.. kangen karo kahanan
Karang Kadempel kang saiki wewangunan-wewangunan wis maju ora koyo
pirang-pirang tahun kepungkur....”.
Semar :
“Iyho thole...saiki Karang Kadempel katon maju mergo nayoko
projo kang di sroyo poro kawulo dasih sayuk rukun mengku jejibahane kanthi
teteg, tutug kanggo majokake Karang Kadempel kene thole....”.
Petruk :
“Sakliyane kuwi Moo...wingi naliko ramane pethuk pakde Togog
neng warung...aku krungu sruwing-sruwing sampeyan kojah perkoro wadhine
ati...kuwi njajal jlentrehno moo...”.
Semar :
“Oalah thole...romo ki ra weruh opo-opo nek bab ngono kuwi...”.
Petruk :
“Iki udu perkoro bab eruh lan ora eruh kok moo...iki yo mung
takon sing mbok omongake karo pakde Togog wingi kae...”.
Semar :
“Oalah...perkoro kuwi to.., ngene thole Petruk anake romo
sing bagus...kanggo nyaranani kuwi ono limang perangan. Yokuwi : Sepisan, Ojo
ngatonake kowe kuwi sopo neng sok sopo wae....amergo kang koyo mangkono kuwi,
sing seneng marang awakmu ora butuh kuwi, lan sing serik ora bakal percoyo
marang kowe. Kaping pindo, terusno lakumu sak suwene kowe ing dalan bebener,
senajano kadangkolo kabecikan kuwi ora sak lawase diregani. Kaping telu, urip
udu perkoro sopo sing apik, nangin urip kuwi sopo sing gelem tumindak
kabecikan. Kaping papat, menowo teko menyang awakmu upamane alangan, ojo nduwe
pikiran piye carane mbales sing luwih sengsoro...nanging pikirno carane mbales sing
luwih apik. Kaping limo utowo kang pungkasan, terusno anggonmu dedungo lan
ikhtiar, repotno awakmu sak jroning kabecikan sahinggo kang olo mau lungkrah
dewe melu awakmu...”.
Petruk :
“Maturnuwun Moo....pisan gawe suwe ora njaluk pituture
romo....”.
Semar :
“Oalah thole..romo ki ra ngerti opo-opo...yo muk ngono kuwi
isane romo,,,”.
Petruk :
“Iki wis sore moo....aku yo wis mangan neng pawon diladeni
mboke mau...aku tak bali...”.
Semar :
“Iyo thole Petruk...ora liwat tak balang dungo mugo-mugo
penaringan slamet lakumu, ora liwat salame romo kanggo mantuku lan putuku, lan
ora kelalen titip salam kanggo kakangmu Gareng lan adimu Bagong....”.
Petruk :
“Iyoo Mo..mengko salame romo tak sampekne...wis aku nyuwun
pamit yo Moo... Wassalamu’alaikum wr.wb...”.
Semar :
“Wa’alaikumussalaam wr.wb.
---- Tancep Kayon ---
Tidak ada komentar:
Posting Komentar