moto

BLOG'S "SAK ENENGE" IKI, ORA KANGGO NDADEKNE SENGSORO LIYAN....
OPO MANEH GAWE NGRUSAK LIYAN.....
NEK ONO GUNANE AYO DI JUPUK...
MENOWO ORA ONO GUNANE...
YO WIS...
OJO DILEBOKNE ATI....

UNGELAN PAMBUKO

SUGENG RAWUH SEDEREK SEDOYO....
MUGIO PINARINGAN RAHAYU
WILUJENG NIRSAMBIKOLO

Selasa, 06 April 2021

CERPEN


*SANDYAKALANING KATRESNAN*.

Garising pepesthi pancen kudu mengkono. Kang Trimo legowo menowo yu Karmi kudu lungo.


Ing Deso Cempoko sak ereng-erenge Gunung Argo Belah salah sawijine deso kang asri. Katitik deso Cempoko kang ijo royo-royo, sendang kang bening banyune, tetanduran kang tledung-tledung, banyu kalen kang kemicrik prasasat wakile kahanan deso Cempoko kang adem, ayem lan tentrem.

Kang Trimo lagi wae nyelehne kayune soko sepeda. Kringet kang ndrodos soko awake dilap nganggo kaos sing eneng iklane ban merk “Swallow”. Topi sing wis kumel eneng tulisane “USA” dicantholne neng cagak kandang mburi omahe.

Senin, 27 Juli 2020

WAYANG KULIT


Wayang Kulit.
Lakon              :   Semar Boyong (Babare Wahyu ALUMNI 87).
Dalang            :   Ki Mangun Gombyok
Gagrak            :   Waton Muni


Swuh rep doto pitono. Hanenggih meniko ngkang dipun wastani negari Ngastino. Negari ingkang toto tentrem karto raharjo, subur kang sarwo tinandur murah kang sarwo tinuku. Negari ingkang panjang punjung,  jembar jajahanipun, lebet pacopatanipun, adoh kuncaranipun, kasonggo pratiwi kaapit samodro lan gunung-gunung.

Kamis, 16 Juli 2020

WAYANG KULIT


Wayang Kulit
Lakon    :  Omong Klobot (Pendidikan Online)
Dalang   :  Ki Mangun Gombyok
Gagrak   : Waton Muni

Kadingaren cakruk Karangkadempel sepi ora koyo biasane. Menowo langganan jagongan  biasane pakde Dirun, pakde Sastro, paklik Simun karo kang Somingan,  kadang yo  ketambahan bakul  es, wong muleh ngarit utowo wong muleh golek kayu soko alas terus podo ngetokne slepen, nglinting udut sing mbako’ne soko Parang ditambahi cengkeh cap “Ali-Ali” nek sing rodok murah yo cengkeh cap “Berlian”. Ketok guyup-rukun senajano wong-wong kuwi urip muk sak enenge. Wong-wong ndeso sing ora nduwe gagasan dhuwur-dhuwur, pokok sesuk eneng sing diliwet wis podo bungah. Senajano mung urip koyo mengkono, wis koyo-koyo urip neng sak pro wolune kasuwargan.

Senin, 21 Oktober 2019

NGUDOROSO


Itung-Itungan pahala.

Bolehkah manusia menghitung pahala berkat amal yang dikerjakan..?. Jawabnya : ya ndak boleh. Sebabnya gampang saja. Karena Alloh juga tidak pernah menghitung apapun nikmat yang diberikan kepada mahkluknya. Malahan sebaliknya Alloh SWT bertanya kepada manusia, nikmat Tuhan kamu yang manakah yang kamu dustakan. Hal ini karena seakan Alloh mengingatkan manusia jikalau samudra yang ada ini jadi tinta dan seluruh dedaunan yang ada dipermukaan planet bumi ini jadi kertas, maka tak akan cukup untuk menulis nikmatnya Gusti Alloh itu.

Jumat, 11 Oktober 2019

OPINI


Sebuah Kebenaran.

Kebenaran yang mutlaq dan haq adalah milik Alloh SWT. Bagaimana kebenaran yang dipunyai oleh manusia?. Kebenaran yang dipunyai manusia bersifat relatif dan temporer.  Pada umumnya kebenaran adalah sesuatu perbuatan yang tidak merugikan diri sendiri dan orang lain.  Juga kebenaran yang diterima semua golongan, itulah kebenaran. Akan tetapi jika sebuah kebenaran dipaksakan kepada orang lain, maka sudah bukan lagi sebuah kebenaran. Apalagi dengan embel-embel ancaman.

Kamis, 10 Oktober 2019

NKRI


OPINI

*NKRI Harga Mati dan Tauhid Harga Mati*.

Menyimak salah satu berita di Medsos, banyak sekali yang berkomentar bahwa harga mati itu adalah kalimat Tauhid. Sedangkan NKRI adalah sesuatu yang harus dipertahankan tetapi tidak memakai harga mati.

WAYANG KULIT


Lakon : Banowati Wuyung
Gagrag : Sak Senenge Dewe
Dalang : Ki Waton Muni

Naliko negoro Ngastino katekan mungsuh, sekabehe bolo kurowo kinunjoro karo mungsung mau. Duryudono, Sengkuni, Dursosono lan liyo-liyane. Nanging prameswari Ngastino Banowati lan anake Dursilowati iso mlayu ono ing jroning alas. Kuwi mau kahanan negoro Ngastino kang katekan mungsuh.