Lakon : Banowati Wuyung
Gagrag : Sak Senenge Dewe
Dalang : Ki Waton Muni
Dalang : Ki Waton Muni
Naliko negoro Ngastino katekan mungsuh, sekabehe bolo kurowo
kinunjoro karo mungsung mau. Duryudono, Sengkuni, Dursosono lan liyo-liyane.
Nanging prameswari Ngastino Banowati lan anake Dursilowati iso mlayu ono ing
jroning alas. Kuwi mau kahanan negoro Ngastino kang katekan mungsuh.
Ing liyo laladan Janoko nompo
nawolo soko negoro Wirotho, isine nawolo menowo negoro Wirotho prabu Matswopati
njaluk tulung Janoko amargo arep ketekan mungsuh soko negoro Jurangjero kang
arep ngambak’ake jajahane.
Naliko arep menyang negoro
Matswopati, ing tengah alas dumadakan Janoko sak Punokawane kepethuk Banowati
lan anake Dursilowati.
Banowati :
“Dimas Janoko, Ngastino ketekan
mungsuh Di...aku njaluk tulung kangmas Duryudono lan liyo-liyane luarono soko
pakunjaran yooo...Di..”.
Dursilowati :
“Inggih paman, mesakaken kang
Romo Duryudono sak meniko kinunjoro mengsah...”
Janoko :
“Iyo kakang mbok, sak iki ugo tak
prapto menyang Ngastino...”.
Banowati :
“Sik to Di...ora sah kesusu, kene
cedak karo kakang mbok kene...., Anakku Dursilowati..., njajal kowe golek
panganan neng warung kono nduk...ngge sarapan pamanmu Arjuno iki...”
Dursilowati :
“Ngestok’aken dhawuh...ibu..”.
Banowati :
“Dimas Janoko...., wis
pirang-pirang sasi aku ra pethuk sliramu dimas, atiku iki prasasat kairis karo
landepe pring apus..., koyo ngene iki rasane wong lorobronto menyang sliramu
dimas Janoko..”.
Janoko :
“Aku yo semono ugo kakang
mbok....nanging kepiye maneh, jejibahan soko kangmas Puntodewo kang kudu dak
rampungake disik....”.
Banowati :
“Dimas Arjuno....saiki enenge muk
kowe karo aku...kakang mbok kok pingin senden neng dadamu dimas Arjuno..”.
Petruk :
“Gong....nek eruh ngono kuwi piye
perasaanmu lee..”.
Bagong :
“Hehehehe.....eruh ngono kuwi
marai kelingan Maryatun ae..kang...”.
Petruk :
“Maryatun kuwi sopo Gong.....”.
Bagong :
“Maryatun kuwi calon ipemu tapi ra
sido kang...”.
Petruk :
“Oooalah ngono to...”.
Banowati :
“Petruk lan Bangong...cubo kowe
mbok nyusul ponakanmu Dursilowati... nyoo tak wehi duit tukuo rokok ngge kowe
sak kloron....”.
Petruk :
“Halah....padine arep
yhang...yhangan ae kok...ndadak golek alasan...”.
Bagong :
“Wis podo gedene kang Petruk....
kowe ra sah melu cawe-cawe... dikongkon budal yo budal.... jenenge batur ki yoo
ngene iki...kon rono yo rono...kon rene yo rene...ngono loo...”.
Petruk :
“Nggih menawi ngoten...pundi
duite tak budal tumbas rokok...”.
Banowati :
“Dimas Janoko....mumpung iki muk
kowe karo aku...tak ambali maneh, wis pirang-pirang sasi aku ra pethuk sliramu
dimas, atiku iki prasasat kairis landepe pring apus..., kepingin cumedak karo
kowe dimas....koyo ngene iki rasane wong nandang lorobronto, amung Dimas Janoko
kang katon ing netrane kakang mbok iki....tobat...tobat..tobat...tobat...”.
Janoko :
“Kakang mbok....sejatine semono
ugo rasane tyas ingsun...sak kedepan ketok melo-melo eseme kakang mbok...sak
kedepan ketok melo-melo pasuryane kakang mbok...”.
Banowati :
“Semono ugo aku - dimas
Janoko.... kroso bombong atiku menowo cedak dimas Arjuno... roso nandang bronto
iki seneng kang ora kiniro, ananging yo gelo... Gelo amargo ra biso
reraketan....kapang kang mlumpuk ing jroning atiku prasasat wis sak gunung
gedene, prasasat ombak samudro kang nerak pinggire watu karang....gumebyur,
jumlegur suarane.... ”.
Janoko :
“Iyooooo kakang mbok...
katresnanku kuwi yo semono ugo tan ono watese... endah sumunare suryo ing wayah
esuk... lan endah angslupe suryo ing wayah sore... isih kalah karo endahe pasuryanmu kakang mbok.. ”.
Banowati :
“Dimas Arjuno...aku kok pingin
mbok rangkul pundakku, pingin mbok aras pipiku...lan pingin mbok geget
lambeku...kelingan patang taun kang kapungkur naliko awake dewe pethuk ing sak
pinggire taman keputren Ngastino, naliko aku nunggu dimas Arjuno ”.
Naliko Janoko arep ngrangkul lan
ngaras Banowati....dumadakan Dursilowati, Petruk lan Bagong wis teko. Janoko lan Banowati dadine salah tingkah,
arep kukur-kukur sirah ora gatel, pungkasane
Janoko karo Banowati muk esem-eseman lan pandeng-pandengan.
Tancep Kayon
Tidak ada komentar:
Posting Komentar