moto

BLOG'S "SAK ENENGE" IKI, ORA KANGGO NDADEKNE SENGSORO LIYAN....
OPO MANEH GAWE NGRUSAK LIYAN.....
NEK ONO GUNANE AYO DI JUPUK...
MENOWO ORA ONO GUNANE...
YO WIS...
OJO DILEBOKNE ATI....

UNGELAN PAMBUKO

SUGENG RAWUH SEDEREK SEDOYO....
MUGIO PINARINGAN RAHAYU
WILUJENG NIRSAMBIKOLO

Kamis, 16 Juli 2020

CERITA WAYANG KULIT

Lakon    :  Omong Klobot (Pendidikan Online)
Dalang   :  Ki Mangun Gombyok
Gagrak   : Waton Muni

Kadingaren cakruk Karangkadempel sepi ora koyo biasane. Menowo langganan jagongan  biasane pakde Dirun, pakde Sastro, paklik Simun karo kang Somingan,  kadang yo  ketambahan bakul  es, wong muleh ngarit utowo wong muleh golek kayu soko alas terus podo ngetokne slepen, nglinting udut sing mbako’ne soko Parang ditambahi cengkeh cap “Ali-Ali” nek sing rodok murah yo cengkeh cap “Berlian”. Ketok guyup-rukun senajano wong-wong kuwi urip muk sak enenge. Wong-wong ndeso sing ora nduwe gagasan dhuwur-dhuwur, pokok sesuk eneng sing diliwet wis podo bungah. Senajano mung urip koyo mengkono, wis koyo-koyo urip neng sak pro wolune kasuwargan.


Nek ngepasi pak Lurah opo pak Carik liwat biasane wong-wong kuwi di tukokne wedang neng warunge yu Supi  sak kidule cakruk. Yo maklum wae, wong-wong sing kerep jagongan neng cakruk kuwi kerjone thak-thungan. Seminggu kerjo pirang-pirang sasi cuti. Opo maneh nek wayah rendeng, sawah saiki wis ora di paculi nanging kabeh wis nganggo mesin. Dadi pacule neyeng podo nggantung neng tembok pawon utowo mlumpuk neng pojokane senthong. Pacule di anggo nek muk wayah kerja bakti ngresiki kuburan utowo besik-besik suket kiwo-tengen omah. Mangan yo sak olah-olahe sing wedok. Eneng sego karo sambel, gerih wis nggereng marem. Ora kepikiran lawuh iwak pitik opo maneh iwak sapi. Mangan iwak yo muk setahun pisan pas riyoyo qurban utowo nek ngapasi tonggone slametan.

Kagyat risang kapirangu, rinangkul kinempit-kempit. Ooooooooong..... Dhog...dhog...dhog....dhog...dhog...dhog...dhog...

Soko etan Bagong nyunggi krenjang kang sukete ketok munjung-munjung sak trenjelane. Tekan ngarep cakruk krenjang diselehne, tumuli si Bangong unjal ambegkan karo klekaran neng lincak cakruk pisan pesen wedang neng warunge yu Supi.

Bagong :
“Haaaaaaah.....Biasane neng kene akeh uwong, iki kok sepi...angine semilir ngidhit marai ngantuk ae.

Ora sawetoro suwe, Gareng soko kulon nganggo clono dowo karo kaos bal-balan “Manchester United” weruh Bagong liyep-liyep neng lincak. Karo Gareng ambene di gebrak sak bantere... “bruuuaaaak”. Terus Gareng ndelik neng mburi cakruk.

Bagong :
“Wedus tenan iki...., eneng wong ngantuk di get-geti...ngene iki mesthi gaweyane wong sing ra pendidikan....”.

Soko mburi cakruk Gareng ngguyu cekaka’an.

Bagong :
“Lha kuwi koyo guyune Gareng....”.

Gareng :
“Iyo lee.... aku sing ngeget-geti kowe mau...”.

Bagong :
“Waah....biyangane cepet tenan kowe ki kang....eneng wong ngantuk mbok ganggu..  Kowe kok ketok mlipis soko endi kang....?”.

Gareng :
“Soko pasar Ngamarto Gong....”.
Bagong :
“Mborong opo neng pasar kang....”.

Gareng :
“Kowe ngerti po ra....aku ki soko kulon mau mlaku.....”.

Bagong :
“Yhoo eruh to kang.... wong genah biasane numpak pit...”.

Gareng :
“Naah...aku neng pasar mau nggadekne pit..Gong...”.

Bagong :
“Lhaa iki usume cah mlebu sekolah...opo mbok ngge mbayar anakmu mlebu sekolah to kang...”.

Gareng :
“Saiki sekolah gratis Gong, tapi senajano gratis sing akeh kuwi thethek bengek’e kuwi....”.

Bagong :
“Contone opo akeh kuwi....?”.

Gareng :
“Lha saiki sekolahe anak podo online kabeh lho Gong....jarene podo nganggo aplikasi “zoom” kuwi.., lha ponakanmu, gelem ra gelem rak yo kudu nganggo hp to...sejene kuwi ora mung cukup hp, nek sekolah online ngentekne kuota pirang giga wae....kabeh kuwi rak nganggo duit to...Gong...?”.

Bagong :
“Lha iyo to kang....kudune wong-wong nduwuran kuwi nek nggawe peraturan ndelok kahanane rakyat sing manggone neng ngisor dewe. Ojo digebyah uyah menowo rakyat kuwi mampu tuku hp, hp kuat tuku lha kuotane kuwi sing kerep tuku. Nek ra diiseni kuota rak yo ra iso melu pelajaran online to..?”.

Gareng :
“Yho kuwi lee.....jarene zaman teknologi, jaman online....”.

Bagong :
“Yho mugo-mugo wae ora sak teruse online kang...., mergo jeneng sekolah kuwi kudu adep-adepan antarane siswo karo guru, lan manggone tetep neng pasinaon... Guru biso ngawat-awati siswane. Siswane nakal, ndableg yo disampluk. Lha nek sekolahe online, piye olehe arep kenalan karo kancane, piye arep nduwe roso anduweni sekolah, wong sekolahe virtual. Lha nek sekolahe virtual yo ra sah mbangun sekolah ora ono gunane. Mergo enengo sekolah nek ra eneng muridte sing ngenggoni yo bangsane dedemit, bongso alus kuwi...”.

Gareng :
“Dadi piye menurut mu Gong....?”.

Bagong :
“Yo sekolah online kuwi keno wae opo maneh usum korona ngene iki mungkin diarani pengecualian....Tapi yo ojo sak teruse online.... Tetep lan kudu jeneng siswo kuwi moro neng sekolahan golek ilmune guru. Jarenen wong tuwo biyen “Sumur tinimbo” kang tegese Murid ngangsu kaweruh marang guru, siswo marani guru. Sakliyane kuwi siswo biso mengenal lingkungan sekolah, weruh konco-kancane, eneng kanggo cerito mbesok yen wis podo dewoso, menowo nduwe konco si A, si B lan si C. Iso sesrawungan karo kanca-kancane. Lha nek sekolah online, bubar online yo uwis, ora crito sepatu ilang, ora ono crito sragame diorek-orek kancane, ora ono crito ngentepi peleme uwong nek muleh sekolah, ora ono golek kinjeng lan cuyu neng sawah sepatu di cangking, mergo opo?? Kabeh mau polah pokale sekolah online... rak ora eneng indah’e blas to...? Opo maneh biyen kang Gareng muleh sekolah.... rak lirak-lirik cah wedok-wedok   to...?

Gareng :
“Kudune yo ngono kuwi Gong jeneng sekolah kuwi...siswo berkewajiban marani sekolah...ora kok siswo anggrem neng omah senajano munine sekolah....”.

Bagong :
“Wis rodok awan kang....ayo muleh....aku mau ngombe wedang sak cingkir karo telo rung tugel...bayarono...”.

Gareng :
“Pethuk Bagong malah duitku ra nambah malah sudo...”.


Tancep Kayon.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar