*SANDYAKALANING KATRESNAN*.
Garising pepesthi pancen kudu mengkono. Kang Trimo legowo menowo yu Karmi kudu
lungo.
Ing Deso Cempoko sak ereng-erenge Gunung Argo Belah salah sawijine deso kang
asri. Katitik deso Cempoko kang ijo royo-royo, sendang kang bening banyune,
tetanduran kang tledung-tledung, banyu kalen kang kemicrik prasasat wakile
kahanan deso Cempoko kang adem, ayem lan tentrem.
Kang Trimo lagi wae nyelehne kayune soko sepeda. Kringet kang ndrodos soko
awake dilap nganggo kaos sing eneng iklane ban merk “Swallow”. Topi sing wis
kumel eneng tulisane “USA” dicantholne neng cagak kandang mburi omahe.
Pak Cokro bapake kang Trimo lagi nyisiki wit telo neng mburi
omah, sawetoro simboke kang Trimo, mbokde Monah uthek neng pawon olah-olah. “Wis muleh lee....”, pitakone pak Cokro.
“Uwis pak...”, jawabe kang Trimo cekak sak wise ngombe banyu kendi sing neng
mejo omah karo kebut-kebut awak lungguh amben. “Wedangmu isuk mau isik kuwi lo
lee....eman-eman ra mbok entekne”, unine mbokde Monah soko pawon neng kang
Trimo. “Iyo mbok, mengko tak entekne”, saure kang Trimo sing sik lungguh neng
amben.
Sak wise nyisiki kayu telo, pakde Cokro nyedaki anake lanang. “Lee Mo, aku mau dititipi layang, kae tak delehne nduwur mejo kamarmu” kandane pakde Trimo. “Layang soko sopo pak...? pitakone kang Trimo menyang bapake. “Layang soko Karmi”, jawabe pakde Trimo.
Jenggirat soko amben kang Trimo tumuju menyang kamare.
Mripate tumuju marang nduwur mejo, lan bener menowo ono layang kanggo deweke.
Layang dijupuk lan ono tulisane “Katur kanggo kang Trimo”.
Dadane kang Trimo deg-degan, tur atine ngemu pitakon ono opo kok Karmi kirim
layang. Amplop layang dibuka, layang diwoco neng nduwur amben turone.
Tulisan layange :
..........
Cempoko, 3 Januari 2020.
Katur kagem kang Trimo.
Sak durunge Karmi omong akeh-akeh, Karmi njaluk pangapuro
menyang kang Trimo. Sakjane wis kiro-kiro sasi kepungkur Karmi arep kondo karo kang
Trimo, nanging wektu kuwi sing kurang prayogi awit Karmi bingung kudu kepiye.
Nanging wektu layang neng tangane kang Trimo iki, Karmi lagi biso kondo
senajano abot jroning atine Karmi.
Kang Trimo, naliko layang iki sampeyan woco, aku wis neng ndalan tumuju menyang
kutho. Lungaku mergo aku kudu nerusake golek ilmu kanggo sangu uripku mbesok. Lelakone
dewe kang wis manjing telung tahun mlaku, bakal tak eling-eling menowo aku karo
kang Trimo nate nduweni ati.
Sing gede pangapuramu yo kang, orane Karmi nyingkrih adoh
soko uripe kang Trimo, nanging iki kanggo awake Karmi mbesuk ing tembe mburi.
Lilakno Karmi lungo.
Salam,
Karmi.
............
Sak bubare layang diwoco, banjur layang dilempit, dilebokne maneh menyang njero
amplop. Koco-koco mripate kang Trimo. Ambegane sesek, bola-bali unjal ambegan.
Atine kang Trimo koyo-koyo remuk-remuk’o, nangis jroning batin, prasasat
tenggorokane mampet ora biso ngucap.
Soko pawon mbokde Monah simboke kang Trimo nyeluk, “Lee Mo....ndang mangan,
segone wis mateng, simbok njangan oblok-oblok lompong senenganmu, kowe rak yo
wis luwe muleh soko alas”. Kang Trimo
sakjane krungu naliko simboke nyeluk kon mangan. Nanging atine kang Trimo sing
wis kadung peteng prasasat lambene koyo digembok mergo moco layange Karmi mau.
Mbokde Monah marani menyang kamare kang Trimo mergo ora
disauri babar pisan. “Ono opo to lee....tak celuk tak kon mangan ora semaur’,
pitakone mbode Monah. Kang Trimo tetep meneng, mripate nyawang raupane simboke
karo luhe netes. “Ono opo to lee....”, pitakone simboke maneh.
Kang Trimo unjal ambegan, ora sawetoro njawab pitakone simboke.
“Kar...Kar...Karmi mbok”, jawabe kang Trimo. “Karmi kenek opo lee?”, pitakone
simboke. “Karmi lungo nggayuh cita-citane...”, jawabe kang Trimo.
Mbokde Monah ngerti, menowo Karmi kuwi anake pakde Pangat keluarga priyayi rodok sugih. Sawah ombo, nduwe rojo koyo, lan lemah garinge yo ombo.
“Ngene yo lee....simbok karo bapakmu jane wis mangerteni sesambunganmu karo Karmi, lan sajake pakde Pangat yo ora kabotan menowo kowe gandeng karo Karmi. Nanging lee Mo, ngono kuwi ora salahe Karmi, mergo Karmi nduwe gegayuhan’, kandane mbokde Monah.
Soko mburi omah pakde Cokro lagi wae rampung anggone nyisiki
wit telo,langsung mlebu omah lan nyandak kendi. Gleg gleg gleg, kroso anyep
tenggoroakne. Ora suwe pakde Cokro nglinting udut karo lungguh jigang neng
dingklik lunggune mejo.
“Ono opo kok gremang-gremeng kuwi”, pitakone pakde Cokro. Soko kamare kang
Trimo, mboke Monah nyedaki pakde Cokro. “Anakmu si Trimo kuwi loo pakmu....”,
jawabe mbokde Monah. “Trimo nyangopo to mbukmu, wong bocahe waras ngono”,
jawabe pakde Cokro rodok semu takon.
Krungu kandane mbokde Monah, pakde Cokro nyedaki Trimo. “Ono opo lee...Mo”,
pitakone pakde Cokro. Kang Trimo ora nyauri, malah sing nyauri mbokde Monah.
“Karmi pakmu”, jawabe mbokde Monah. “Karmi eneng opo? Pitakone pakde Cokro. “Karmi
lungo, jarene Trimo nggayuh cita-citane...”, jawabe mbokde Monah.
“Oalah lee..le, wis kuatno atimu, yo kudu mengkono kuwi lelakonmu karo Karmi, ora perlu mbok getuni. Arepo dikoyo ngopo sing mengkono kuwi wis dadi lakone manungso. Wigati kowe ora njalari pisahe karo Karmi”, kandane pak Cokro menyang kang Trimo.
Kang Trimo ora semaur babar blas, ngrasakne atine sing
remuk, remuk jalaran ora tukaran nanging remuk lantaran kahanan.
Cuthel.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar