Lakon : Omong Klobot (Pendidikan Online)
Dalang : Ki Mangun Gombyok
Gagrak : Waton Muni
Kadingaren cakruk Karangkadempel sepi ora koyo biasane.
Menowo langganan jagongan biasane pakde
Dirun, pakde Sastro, paklik Simun karo kang Somingan, kadang yo
ketambahan bakul es, wong muleh
ngarit utowo wong muleh golek kayu soko alas terus podo ngetokne slepen,
nglinting udut sing mbako’ne soko Parang ditambahi cengkeh cap “Ali-Ali” nek
sing rodok murah yo cengkeh cap “Berlian”. Ketok guyup-rukun senajano wong-wong
kuwi urip muk sak enenge. Wong-wong ndeso sing ora nduwe gagasan dhuwur-dhuwur,
pokok sesuk eneng sing diliwet wis podo bungah. Senajano mung urip koyo
mengkono, wis koyo-koyo urip neng sak pro wolune kasuwargan.