moto

BLOG'S "SAK ENENGE" IKI, ORA KANGGO NDADEKNE SENGSORO LIYAN....
OPO MANEH GAWE NGRUSAK LIYAN.....
NEK ONO GUNANE AYO DI JUPUK...
MENOWO ORA ONO GUNANE...
YO WIS...
OJO DILEBOKNE ATI....

UNGELAN PAMBUKO

SUGENG RAWUH SEDEREK SEDOYO....
MUGIO PINARINGAN RAHAYU
WILUJENG NIRSAMBIKOLO

Senin, 25 Juli 2011

SAK ENENGE

Goro-Goro

Jarene jaman reformasi
Nanging akeh sing podo royok'an kursi
Gaweyane amung ngapusi
Kang ditindak'ake rino lan wengi

Rumongso jarene iso ngladheni
Jebule amung podo korupsi
Ora sudo, ning malah ndadi
Kanggo ngebaki pundi-pundi

Sing nduwur makmur
Sing tengah subur
Sing ngisor ajur mumur

Jarene mbangun bongso
Nanging malah gawe rekoso
Kang dirasak'ake wong sak nuswantoro

Ngendikane R.Ng. Ronggowarsito
Kang kasebat ing serat Kolotido
Amenangi jaman edan
Yen ora ngedan ora keduman
Sak bejo-bejane wong kang lali
Isih bejo wong kang eling lan waspodo
(^_*)

3 komentar:

  1. mantafz,,,demen ki aku Om,,,

    BalasHapus
  2. Jan cocok, moco parikan karo ngadhep wedhang kopi jahe camilane telo bakar... siiip.. Mantheb tenan Kang...!

    BalasHapus
  3. Lha iki, mathuk tenan karo kahanan, jamane lagi goro-goro, wong nduwur podo kesurupan, kakehan sajen....

    BalasHapus