moto

BLOG'S "SAK ENENGE" IKI, ORA KANGGO NDADEKNE SENGSORO LIYAN....
OPO MANEH GAWE NGRUSAK LIYAN.....
NEK ONO GUNANE AYO DI JUPUK...
MENOWO ORA ONO GUNANE...
YO WIS...
OJO DILEBOKNE ATI....

UNGELAN PAMBUKO

SUGENG RAWUH SEDEREK SEDOYO....
MUGIO PINARINGAN RAHAYU
WILUJENG NIRSAMBIKOLO

Kamis, 11 November 2010

Sak Senenge Dewe

Wayang Kulit 
Lakon : Janoko Lelono (tamat)
Gagrag : Bukan Surakarta, Bukan Yogyakarta, Bukan Banyumas, Bukan Jawa Timur - Tapi Sak Senenge Dewe
Dalang : Ki Arep Gelemrono.

Beberapa minggu sudah, raden Janoko mencari kakaknya sang Werkudoro, menyusuri hutan belantara, melintasi lembah dan ngarai. Dalam perjalanan ini seperti biasa, Janoko akan mendapat halangan dan rintang dari buto cakil, dan dalam perang tersebut sesuai pakem Janoko-lah yang menang, sementara buto cakil mati dengan kerisnya sendiri.

Setelah melewati perang tersebut, tidak beberapa lama, dari kejauhan dilihatlah sebuah padepokan sederhana, dinding dari kayu, atap dari alang-alang. Janoko mendekati padepokan tersebut, tidak disangka, ternyata di cakruk telah ada anak-anak Werkudoro sendiri, yang antara lain Ontorejo, Gatotkoco dan Ontoseno. Juga tidak ketinggalan jago kepruk dari Negara Dworowati yang berjuluk Bimo Kunthing atau Raden Sentyaki.


Setelah sesampai didepan padepokan, Gatotkoco dan Ontorejo menyambut sang paman Janoko.

‘Salam sejahtera paman….”, kata Gatotkoco. Begitu pula Ontorejo mengucapkan salam kepada pamannya itu. Kemudian disusul Sentyaki yang juga mengucapkan salam kepada Janoko.

Ontoseno yang baru keluar dari njeding berucap “ Selamet pak lek, tekomu menyang padepokan kene…”. Memang Ontoseno tidak bisa berbahasa halus, sebagaimana bapaknya Werkudoro yang tidak bisa berbahasa yang halus.

Iyoo… Ontoseno…., kedatangan pamanmu ini selamat tak kurang suatu apapun…” jawab Janoko.

Setelah itu, anak-anak Werkudoro tersebut menyilahkan masuk pamannya untuk menemui sang Begawan Bimo Suci, yang tak lain adalah kakaknya sendiri sang Werkudoro.

Maka sa’at itulah, Begawan Bimo Suci (Werkudoro) menemui sang adik Raden Janoko.

Sembah pangabekti kulo kunjuk panembaaan….” Kata Arjuno.

Iyoo.. Janoko, sembah pangabektimu wis tak tompo, ora liwat pangestuku tampono………Janoko….”, kata Begawan Bimo Suci.

Inggih panemban…, pangestu paduko kulo tampi asto kekalih…, kulo simpen wonten ing mustoko…, mugi saget dados jimat paripeh… panembaaaan…”, kata Janoko.

Sak wise asat keringetmu…, kepenakno lungguhmu, weningno pikiranmu Janoko…”, pinta Bimo Suci.

Inggih panembaaan…”, jawab Janoko singkat.

Janoko… Mbok menowo iki migunani tumraping nggegayuh uripmu, ingsun bakal aweh pitutur marang diri awak niro… Janoko…”, kata Bimo Suci.

Mangertenono…, menowo sing sampurno ing madyopodo kuwi amung Gusti Pangeran ingkang moho Kuwoso pribadi, nangin senajano mengkono, menungso wajib ngudi kasampurnan kuwi mau, senajano amung pro pirone…. Menungso kudu nduweni adeg-adeg utowo lanjaran…., supoyo uripe ora bengkong, awit menowo bengkong soko kawitane… mbesuk ing tembe bakal angel arepe ngluruske sing bengkong koyo mangkono kuwi…”, kata Bimo Suci.

Dados cethanipun kados pundi panembaaaan….”, tanya Janoko.

Mangkene Janoko… manungso kuwi prasasat tanduran…. Menowo isik cilik, gampang anggone ngluruske… Nanging menowo wis gede, bakal angel lan kangelan anggone ngluruske wit mau… mangkane Janoko…, manungso kudu cekel lanjaran kuwi mau…, kang ora liyo yo agomo kang rinasuk dewe-dewe…, kata Bimo Suci.

Lajeng supados saget nyepeng lanjaran meniko kados pundi panembaan…”, tanya Janoko.

Janoko… manungso urip mono, ono telung perangan…, siji…, yo iku rogo…, ongko 2 jiwo…, dene kang ongko 3 yo iku sukmo…,  ibaratejaran kuwi rogo, sing obah lan polah…, dene sukmo-ne yo kuwi kusire…, lan jiwo iku ibarat tali kendaline…”, kata Werkudoro.

Dados lir-ipun kados pundi panembaaan…”, tanya Janoko.

Janoko… Supoyo jaran kuwi laku lan playune iso lurus, selamet nganti tekan kang tumuju… mongko kusire kudu waspodo…, tali kendaline kudu kuat supoyo jaran kuwi mau ora polah sak karepe deweyen kusir nekak kendali ngiwo, jaran kudu melu ngiwo, yen kusir nekak nengen, jaran yo kudu melu manengen…” kata Bimo Suci.

Mekaten panembaaan…” kata Janoko.

Sak liyane kuwi Janoko…, supoyo tumuju marang sampurnaning urip…, mongko manungso ojo mung urip koyo kewan utowo sato…, yen kewan angger wis iso mangan lan iso jejodoan…, mongko wis paripurno anggone urip kuwi mau…, nanging manowo manungso urip, ora mung cukup mangan lan jejodoan, nanging kudu mbudidoyo supoyo uripe mau sampurno lan ing tembe iso mlebu swargoloko menowo wis bali marang pangayomane Gusti kang Moho Kuoso, ugo.., manungso kudu ngrungkepi jejibahane…, yen wong lanang kudu nindak’ake darmo kang becik, jumboh karo kodrate…, semono ugo yen wanito…”, kata Bimo Suci.

Tak kiro mung cukup semene Janoko, anggonku nguwehi pitutur marang kowe…”, kata Bimo Suci.

Tidak begitu lama, sang kakak paling sulung prabu Puntodewo dan prabu Kresno datang, mengajak Raden Werkudoro untuk pulang ke Amarto.

<<< TANCEP KAYON >>>

Tidak ada komentar:

Posting Komentar