moto

BLOG'S "SAK ENENGE" IKI, ORA KANGGO NDADEKNE SENGSORO LIYAN....
OPO MANEH GAWE NGRUSAK LIYAN.....
NEK ONO GUNANE AYO DI JUPUK...
MENOWO ORA ONO GUNANE...
YO WIS...
OJO DILEBOKNE ATI....

UNGELAN PAMBUKO

SUGENG RAWUH SEDEREK SEDOYO....
MUGIO PINARINGAN RAHAYU
WILUJENG NIRSAMBIKOLO

Sabtu, 06 November 2010

Sak Senenge Dewe


Wayang Kulit 
Lakon : Prahoro Banjir Bandang Astino
Gagrag : Bukan Surakarta, Bukan Yogyakarta, Bukan Banyumas, Bukan Jawa Timur - Tapi Sak Senenge Dewe
Dalang : Ki Arep Gelemrono.

Sesi : Cangik dan Limbuk.

Negeri Astinopuro adalah negeri yang gemah ripah loh jinawi toto tentrem kerto raharjo, murah kang sarwo tinuku, subur kang sarwo tinandhur. Namun negeri itu, akhir-akhir ini ketiban pagebluk, banjir dimana-mana, malah tempat pendito Durno di padepokan Sukolimo juga terkena banjir bandang. Dengan keadaan seperti itu, dua emban Astino yang lagi masak di dapur yang tak lain adalah Cangik dan Limbuk, merasa prihatin dengan keadaan itu.

Walaupun mereka berdua hanya pada tataran emban, namun jangan ditanya soal budi pekertinya. Rasa simpati dan empati mereka berdua sangat tinggi, hingga ikut merasakan penderitaan rakyat Astino yang lagi nandhang sengsoro akibat prahoro banjir tersebut. Walaupun Bethari Durgo yang menjadi ratu di kahyangan Gondhomayit sekaligus istri Betoro Guru, budi pekertinya masih kalah dengan si emban Cangik  dan Limbuk.



Sambil nguleg cabe dan nggoreng tempe, Limbuk nyeletuk : “mBok, katanya pakde mBilung, banjir sekarang ini disebabkan karena adanya La Nina, bukan karena manungso banyak maksiat marang Gusti Pangeran. Opo bener to mbok...?

“Lha kuwi rak rembug’ke pakdemu tho nduk…! Kata Cangik sambil marut kelapa untuk bumbu sayur lodeh.

“Lha klo menurut pandapatnya simbok kepriye…? Kok nganti prahoro banjir neng endi-endi, kuwi sing njalari opo  mbok…? Tanya Limbuk.

“Klo menurut simbok, prahoro kuwi jalaran soko tangan-tangan manungso sing jahil…. Jarene kitab suci agomo sing tak rasuk, Gusti Pengeran ngendhiko, “wis ono kerukasan neng samudro lan neng ndarat, sing disebab’ake soko tingkah polahe tangan-tangan menungso kuwi dewe”. Begitu nduk.. ringkasan terjemahan ayat itu, simbok lupa, surat apa, ayat berapa….Nah..gede cilik’e ukoro, prahoro utowo musibah itu disebabkan karena laku maksiat uwong-uwong sing manggon neng ngarcopodho iki nduk”, :  jawab Limbuk

“Menurut simbok, wujud maksiat itu apa saja mbok”, tanya Limbuk sambil ngangkat tempe yang sudah mripik dan hampir gosong.

Lha kuwi tergantung gimana caranya memahami arti maksiat iku nduk. Wujud maksiat itu kan….buuuanyak. Tapi inti perbuatan maksiat iku ya berbuat dzolim…”, jawab Limbuk sambil meres santen ke kuali, tempat sayur lodeh.

Dzolim kuwi opo tho mbok..., opo sing koyo blendhok koyo lem kae…? tanya Limbuk

Wooo…rupamu koyo adah krupuk, Dzolim itu artinya meletakkan segala sesuatu bukan pada tempatnya. Itu klo menurut simbok. Gak tahu klo menurut orang-orang yang pintar,” jawab Cangik. “Makanya besuk kalo punya anak jangan kamu kasih nama dzolimun…karena dzolimun kuwi artinya orang-orang dzolim, jangan mentang-mentang di kitab suci ada, terus anakmu dikasih nama itu, jangan pula kasih nama jahanam…walaupun di kitab suci ada, tapi itu artinya intipe neroko…” tambah Cangik, sambil mbuntheli bothok : tempe, teri, lombok ijo.


Sik mbok…! Tuladane perbuatan dzolim kuwi opo mbok…?”, Tanya Limbuk.

Whooo…yaa banyak sekali nduk. Contone kuwe nganggo sandal kudune neng sikil, mbok anggokne neng gundulmu, nganggo kotang mbok dhelehne mripatmu, cawet mbok ngge kudungan…lan sak panunggalane…kuwi jenenge dzolim...nduk..”, jawab Limbuk.

Hahahaha Mbok…mbok…! Gawe conto kok sing lucu-lucu… kadang ra nggenah”, kata Limbuk yang matanya brebes kecipratan cabe.

Lha wong kuwi rak mung conto to nduk…nek mung koyo ngono kuwi lan luwih lucu malah sak cikrak punjul…mbokmu nduwe akeh…”, jawab Cangik.

Tapi yo kuwi nduk… mung saiki wis ora lucu eneh.  Lha saiki duite rakyat di ngge rayahan, kudune rakyat sing nompo, malah sing sak dermo mung wakil, malah gladhrah kakeyan polah. Harusnya rakyat yang jadi raja… eee..malah rakyat golek sandang pangan angele ora jamak. Opo tumon, wong duite rakyat kok ngge bancak’an, alasane arep ngge mbangun gedung, tapi gedung sing ono kolam renang, spa, panti pijat… lha iki arep mbangun gedung kantor, opo arep mbangun hotel. Terus plesiran neng njaban negoroalasane studi banding……., lah………entut mberut”, kata Cangik agak sewot.

Simbok ki pancen pinter, eruh wae beritane wakil rakyat”, kata Limbuk.

Mulo to mulo…nek esuk kuwi age-age tangi… ojo muk klumbrak-klumbruk kemulan……, kemule ndhang diuncalne neng sampiran lha nek esuk kae ono tukang koran nganter ngge prabu Duryudhono mbok diwoco disikpaling prabu Duryudhono mocone jam 9 esuk... , dadi bocah kuwi mbok ojo lumuh-lumuh to nduk…nduk…”, kata Cangik sambil ngelap piring sama gelas.

Wow… begitu ya mbok. Trus…maksiat atau dzolim yang menyebabkan banjir itu apa mbok…?”, tanya Limbuk

Sing njalari banjir yo akeh nduk…! Ngguwak sampah ora neng pawuhan, ngguwak’e sak enggon-enggon kuwi iso diarani maksiat otowo dzolim, trus mbangun pabrik nganti ngurug rowo-rowo ngge panampungan banyu sing uduk kanggonane.. iku yo iso diarani dzolim, mbabati alas sak senenge dewe…, mbangun industri sing nyalahi tata ruang utowo fungsi lahan tanah… lan sak panunggalane”, jawab limbuk sambil menata piring dan gelas di meja makan.

Woo….ngono yo mbok…! Jadi semua dzolim, otomatis maksiat juga ya… rak ngono to mbok…”, : kata Limbuk setengah bertanya sambil ngisi gelas untuk minum prabu Duryudhono.

Lha yo ngono kuwiojo dikiro ora ono perhitungan di hadapan Gusti Pangeran Sing Moho Kuoso nduk…! Sak jane nek awak’e dewe kuwi gawe amal…yo sakjane gawe sebab pisan. Mangkane… yo kudu siap-siap nompo akibat. Ora ono keluk menowo ora ono geni, jarene paribasan ngono kuwi. Nah saiki gumantung sing agawe sebab… gawe sebab apik... opo gawe sebab olo, gumantung marang sing gawe sebab… ngono nduk…! Kata Limbuk sambil menghela napas yang kecapek’an seharian tumandhang.

“Jadi itu bentuk dari murka Gusti Pengeran terhadap orang-orang yang dzolim ya mbok...! kesimpulan Limbuk.

“Sebentar nduk…! Hati-hati menyebut, kalo prahoro itu sebagi murka Gusti Pengeran…Ojo nduweni sujono/curiga olo marang Gusti. nDak baik itu… dosa…! Sing jelas…prahoro banjir mengkono mau ora liyo ujian utowo pepeling marang wong sing neng ngarcopodho iki…, supoyo eling, gelem mertobat soko perbuatan dzolim iku mau nduk…, dadi ojo gampang yen ono musibah trus diarani mergo murkane Gusti Pangeran…, lha memange Gusti Pengeran kuwi seneng andum azab opo piye…? Rahmate Gusti Pangeran kuwi ndisiki murka-Ne yo nduk… kuwi kasebut neng Hadist QudsiCuma mbok’e kok yo lali... sing ngriwayatake hadist kuwi sopo…”,  jawab Cangik sambil minum air di kendi yang dingin kayak air kulkas.

Dadi… murkane Gusti Pengeran kuwi sing kepiye mbok, nganti banjir gede koyo mangkono kuwi mau…? tanya Limbuk sambil ngelap keringat di dahinya.

Ngene yo nduk… koyo critane N. Nuh sing kasebut neng kitab suci. Gunung nganti klelep,  karono dusone  umate N. Nuh sing ra karu-karuan. Dikandani Nabi-ne ora nggugu… atine kadung atos, dikandani nyepelekne…”, jawab Cangik.

Nanging mbok…, jarene banjir kuwi urusan kang cilik, sing ora perlu digedek-gedekne…, kuwi jarene wong-wong sing neng nduwur kono lho mbok…uduk aku lho sing omong” kata Limbuk sambil menguap kecapek’an.

nDuk... Gusti Pengeran kuwi… ndadek’ake samubarang ora ono kang remeh utowo muspro, nyipto tengu, mrutu, jingklong nganti gajah kuwi ono maksud’te, nyipto bumi sak isine, nganti tekan lintang sing gedene ngluwihi jutaan ping tinimbang srengenge nganti ora pernah manungso ngerti……,  kuwi yo ono maksud’te lan ora muspro, mung emane ilmune menungso urung nganti tekan kuwi…”, jawab Limbuk.

Oooo… Ngono yo mbok..?”,  kata Limbuk yang matanya sudah kriyip-kriyip ngantuk.

Wis…age-age turu kono…glethak’o disik, aku arep didis tumo… ojo ngiler yo…”, kata Cangik.

Aku ora ngiler kok mbok…”, jawab Limbuk.

Halah…! Kae bantalmu teles kebes kabeh… sampek klentheng isi kapuk nggon bantalmu wis podo thukul mben dino mbok sirami ilermu…suwe-suwe rak iso thukul wit randhu..! jawab Cangik sambil duduk di lincak dapur.


((((( TANCEP KAYON )))))

Tidak ada komentar:

Posting Komentar