moto

BLOG'S "SAK ENENGE" IKI, ORA KANGGO NDADEKNE SENGSORO LIYAN....
OPO MANEH GAWE NGRUSAK LIYAN.....
NEK ONO GUNANE AYO DI JUPUK...
MENOWO ORA ONO GUNANE...
YO WIS...
OJO DILEBOKNE ATI....

UNGELAN PAMBUKO

SUGENG RAWUH SEDEREK SEDOYO....
MUGIO PINARINGAN RAHAYU
WILUJENG NIRSAMBIKOLO

Kamis, 11 November 2010

Buat Orang Yang Saya Kagumi "Mbah Maridjan"




Wis lilakno aku lungo…
Saiki wis rapet  mripatku…
Saiki wis kaku ragaku…
Saiki wis nggeget kenceng untuku…

Wis lilakno aku lungo…
Lungaku amung sangu darmo bekti…
Lungo marang pangayomane Gusti…
Kang bakal nompo piwales karono budi pekerti…
Samubarang kang wus tak lakoni…

Wis lilakno aku lungo…
Juru pati wus antuk dawuh soko Gusti…
Tumuju marang wak mami….

Wis lilakno aku lungo…
Tembang megatruh wus di tembangno…
Perlambang uripe manungso wis paripurno…
Netepi janji suci duk rikolo semono…

Wis lilakno aku lungo…


Tidak ada komentar:

Posting Komentar