moto

BLOG'S "SAK ENENGE" IKI, ORA KANGGO NDADEKNE SENGSORO LIYAN....
OPO MANEH GAWE NGRUSAK LIYAN.....
NEK ONO GUNANE AYO DI JUPUK...
MENOWO ORA ONO GUNANE...
YO WIS...
OJO DILEBOKNE ATI....

UNGELAN PAMBUKO

SUGENG RAWUH SEDEREK SEDOYO....
MUGIO PINARINGAN RAHAYU
WILUJENG NIRSAMBIKOLO

Rabu, 24 November 2010

GORO-GORO



*****  GORO-GORO *****

Dumadine goro-goro
Amergo soko polahing manungso
Tumindak dur angkoro
Ngebaki kareping karso


Sing bodo malah nglokro
Sing bener ora pener
Sing pinter malah keblinger
Sing salah malah kakeyan polah

Wejangane agomo
Amung ndadek’ake murang toto
Wejangane kitab suci
Amung di kiwani

Ujare pendito jarene kadaluarso
Ujare kyai jarene ora mbejaji
Ujare poro winasis jarene amung lamis
Ujare brahmono jarene mung gawe sengsoro

Polah tumindak sak karepe dewe
Krincing dinar mung kang dadi tujuane
Ora mikir kiwo-tengene
Kalal karom ora dipikirake

Sirepe wengi ora kanggo ngabekti ing Gusti
Nanging tumuju marang memedi
Kanggo masang guno desti
Amrih sirnone kang dimusuhi

Horeg bumi, njebluk gunung, segoro wutah
Pepelinge Gusti supoyo ora nggladrah
Eling mijil, duk rikolo semono amung mecicil
Kang tanpo busono lan tanpo bugo
Kang dumadi kersane Kang Moho Kuoso



            ((((((( ^_^)))))))

1 komentar:

  1. Lesung jumengglung trah negara dadine ngungun bingung.
    kakean polah negara bubrah...kah kah kah..

    BalasHapus